Thursday 31 January 2013

UDAN

satemene aku ora mentalan
yen kowe gelem aweh dalan
ing kitir kang takgawa saka prepat kepanasan
kacetha atur pambagya lan kabar suka marang bumi kelairan
marang manungsa
marang kewan lan thethukulan
lan kabeh kang njegreg apadene kang gegremetan

tansah semayan
aku ora teka salah papan
kowe sangsaya aleman

yen prabu rama sawadya mbendung samodra agawe dalan
kanggo mbrastha watake buta yak-yakan
kowe nawu segara kanggo nggedhekake wetenge buta

yen anoman njabel gunung
kangggo nyampurnakake patine si dasamuka ya rai sepuluh
saiki alas bosah-baseh gunung jugrug mung kanggo
njembarake raimu!

Nggalek, Januari 2013



KOMENTAR:


satemene guritan iku uga sawijine piranti kanggo ngabarake. ngabarake rasa lan angen-angene penggurite. kadidene sarana kanggo ngabarake, guritan kudune duwe cara seje, beda karo cara kang digunakake dening alat pekabaran liyane (upamane warta ringkes ing kala-/ari-warti).

ajamaneh karo "warta ringkes", selagine karo golongane anggitan kaya ta crita cekak, sandiwara (teks/naskah) wae ya kudune beda. Cethane, upamane, guritan kuwi dudu pedhotan crita cekak, utawa pawarta saka koran, kang merga ditulis kanthi tatanan aksara (tipografi) kaya salumrahe guritan wae banjur diarani guritan. malah kosokbaline, ana guritan kang becik tunilis kanthi tipografi kayadene gancaran.

tegese, kang marakake sawijining guritan dibiji becik iku ora amarga tipografine, uga ora saka akehe kedadeyan: tiba pas dhong-dhinge suwara (guru lagu), nanging amarga pangrakiting tembung dadi ukura gurit kang pancen seje, khas. kakehan tiba ing dhong-dhinge suwara kaya guritan ndhuwur iki malah ora beda karo sayur, jangan, kakehan uyah. dadine rak kasinen.

amarga pangrakiting tembung kanthi ngerigake sakehing piranti, wirama, wilangan, dhong-dhinging suwara, pralambang, pasemon, personifikasi, sanggit, lan liya-liyane (bapak/ibu dhosen lan para mahasiswa/i mesthi isih apal kabeh kuwi) padatane banjur ora sadhengah pawongan bisa enggal nampa "kabar" kang winartakake dening sawenehing guritan (kang becik). --saka kene wae wis bisa katitik manawa guritan "UDAN" iku klebu ewoning guritan kang ora becik, ora bisa ngadeg jejeg kadidene guritan, ananging mung kayadene tugelan pawarta kang ditata tharik-tharik saemper guritan.

sumangga

0 urun rembug: