Wednesday 23 January 2008

TKI-HK Yen Liburan ing Taman Victoria


Diskusi nganti Rasan, Blajar Joged nganti Petan


Manekawarna isen-isene Taman Victoria kang ing dina libur kaya-kaya wis dadi perangane Tanah Jawa, ing Hong Kong. Ing kana-kene wong padha rembugan nganggo basa Jawa. Kang dadi bakul asongan uga ana. Uga ana kang pilih petan. Nanging, tibake ana sesawangan kang ’’nggegirisi’’ yakuwi….?


TAMAN Victoria, kejaba ana ing Ing Inggris lan Australia ana uga ing Hong Kong, mapane ing tlatah Causeway Bay. Taman kang ambane udakara ping pitune lapangan bal-balan iki, mligine yen dina Minggu utawa dina libur, wis ora mandra-mandra yen kebawah Negara China. Kaya-kaya wis dadi perangane Tanah Jawa. Lha piye ta, ewon wanita asal Indonesia (udakara 80%-e saka Jawa Timur) tumplek blek neng kene.

Taman Victoria iku kayadene papan wisata kang ditata becik, endah, asri. Ing kono ana jedhinge, kolam renang, papan kanggo dolanan bicah-bocah, dalan mligi kanggo playon (ana papan pepeling kang yen dijarwaake kurang-luwihe mengkene, ’’Yen mung mlaku biasa aja liwat kene), dalan kanggo mlaku-mlaku, lapangan bal-balan, lapangan tenis, kolam kanggo mbalapake prau kang dikemudhekake kanthi radio kontrol, ana bangunan tenda beton (para TKI nyebut Tendha Putih merga dicet putih), bak-bak sampah, maneka tetanduran kekembangan lan wit-witan kang marakake seger senajan sasi Juni srengenge sedheng galak-galake.

Pokoke ngaso ing Taman Victoria jan nyenengake tenan. Dhek taun 2005 para ahli hisap (wong sing karem rokokan) utawa saka aliran suni (=nyusu geni = doyan rokok) bisa klepas-klepus rokokan ing Taman Victoria. Nanging saiki ing saben bak sampah lan ing tembok-tembok utawa ing pager-pager wis dipasangi tulisan ’’Aja rokokan!’’

Lho, ngono kuwi mlebune ora usah mbayar alias gratis! Bandhingna karo neng kene (Indonesia) mlebu terminal wis ditarik ’’uang peron’’ mengko yen nguyuh isih kudu mbayar maneh. Neng Taman Victoria ambok sedina nguyuh ping sewidak, adus nganti njedhindhil, ora prelu mbayar!

Asongan

Merga yen dina libur dadi wewengkone Wong Jawa, mula aja gumun yen ing ngendi endi keprungu lagu dhangdhut, campursari, utawa malah musik jaran kepang (jalaran ana kelompok Alexa Dancer kang latihan njathil utawa njoged jaran kepangan). Ing sakupenge air macur, para TKI padha lungguhan, lesehan, malah ana uga kang dlosoran, turon, ana kang pasang aksi merga lagi dipotret kancane utawa dening juru potret kang bukak dhasar ing kono, lan uga ana kang centhak-centhuk nindakake ibadah salat.

Jan manekawarna isen-isene Taman Victoria, saka kang pacakane brukut banget (busana muslimah), ana kang pating sluwir, lan uga ana kang sarwa kecupetan: udele ketara, gethek tilas udune kang mung sawatara senti neng ngisor bokonge ya mlorok! Lhah, ya neng Taman Victoria iki satemene dununge ’hongkong’ kang endah kuwi! ’’Sampeyan pinter kok Mas, anggere rene ngepasi musim panas, dadi ’sesawangane’ apik-apik!’’ ngono kandhane Esti, Ketua Nongkrong Bareng Fans, sajak nyemoni.

Dhasare Wong Jawa kuwi pancen kreatif. Senajan neng HK wis entuk bayaran meh Rp 5 yuta sesasi, ya isih akeh kang ubet golek ceperan yen dina libur, upamane kanthi dadi bakul asongan, dodol kertu tilpun (voucher), sega buntelan, plastik nggo lemek lungguh, banyu botolan, lan sapiturute. Mangka iku klebu pakarya illegal kang yen nganti konangan polisi cadhangane wis cetha: bui. Ewadene, para bakul asongan kuwi yen tawa-tawa ya ora wigah-wigih, ’’Nasi, nasi, nasi….! Rujak, rujak, rujak…..! Air minum, pklastik, kartu tilpun…! Ayo Mbak, mumpung isih anget nasinya….!’’

Ing ngendi-endi tansah keprungu rembugan kanthi basa Jawa. Malah, sajake yen arep luru tembung pisuhan kang memel, ’’Diamput,’’ lan sapiturute neng Taman Victoria lan sakupenge (klebu ing emper-emper pertokoan ing Causeway Bay) bakal entuk luwih akeh tinimbang neng Taman Bungkul (Surabaya).

Kudalumping-kudalumping-an

Apa wae kang ditindakake para TKI-HK ing Taman Victoria? Ya warna-warna, ana kang pengajian rutin (ana organisasi kang dijenengi Persatuan Dakwah Victoria (PDV) kang dipimpin dening Hajjah Masruroh, TKI asal Jawa Tengah. Uga ana perpustakaan terbuka, digelar ing koper lan beberan plastik, nyedhiyani buku-buku agama (Islam) kang sapa wae entuk nyilih kanthi gratis, tur yen ora mbalekake ya ora ana sangsine. Manut mbakyu kang njaga, perpustakaan gratis iku didekengi dening pawongan dermawan saka Sulawesi.

Uga ana kang padha gayeng diskusi, ngrembug bab perjuangane kaum buruh supaya aja tansah diakali agen, supaya ora disawiyah dening majikan, supaya aja ana bayaran sangisore standar, lan sapiturute. Ana uga kang bjalar nyanyi, nari utawa njoget, maca puisi, lan uga akeh kang mung nonton polahe kancane dhewe. Oh, iya, ana uga kang sajake ora lali karo karemane dhek isih neng ndesa: petan!

Sesawangan kang marakake nggrantes, yakuwi sok ana kang katon ngglele, thele-thele, teler, mendem. Sok uga ana kang ambung-ambungan lan rerangkulan sapepadhane wanita ora merga saking suwene ora ketemu, nanging merga kedereng nafsune. Yen wayahe wus ganti bengi, malah sok ana sesawangan kang luwih ’nggegirisi’. Penulis tau ngonangi sapasang manungsa padha ’’kudalumping-kudalumping-an’’ sangisore rembulan ing lapangan bal-balan Taman Victoria. Mangka senajan wis meh nyedhaki tengah wengi, isih akeh wong pating sliwer ing taman iki. Masya-Allah. Isen-isene Taman Victoria pancen werna-werna.[]

Saka: Jaya Baya

0 urun rembug: