Wednesday 23 January 2008

TKI-HK Wenang Diarani Duta Budaya


Padatane kang sinebut duta budaya iku wong-wong kang dibudhalake menyang luwar negri, diwragati/disangoni negara, sok mung kanggo njoget utawa nembang utawa mromosekake potensi seni/budaya (Indonesia). Ing luwar negri suwe-suwene seminggu nganti sesasi. Yen nganti sasen, kanggo wong siji wae wragate bisa nganti atus-atusan yuta rupiyah. Neng Hong Kong (HK) ana atusan ewu wong (wadon) pekerja rumah tangga asal Indonesia kang jan-jane uga dadi duta budayane bangsa Indonesia, tetaunan, sok nganti puluhan taun, tanpa diwragati/disangoni dening negara!

KORAN Berita Indonesia (kababar sewulan sepisan kanggo para TKI-HK lan Macau) babaran Juli 2007 iki ngabarake anane tayangan ing saweneh stasiun televisi, ing HK, ngenani potensi wisata Indonesia: Bali, Jogjakarta, Borobudur, Solo, Jakarta. Kang ngeterake rombongan liputane menyang Indonesia Kepala Bidang Penerangan KJRI HK Drs Nugroho Y Aribimo. Lha, nalika para majikan nonton tayangan kuwi, sapa sing dadi paran pitakon yen ana bab-bab kang prelu luwih dijlentrehake? Ora liwata ya para ’batur’ kang asal Indonesia, ya para TKI-HK kuwi. Lha, rak kanthi mengkono bisa diarani manawa para TKI-HK ing bab iki wis dadi sukarelawan mromosekake potensi wisata Indonesia, ta?

Ana maneh acara taunan kang diarani Festival Wan Chai. Ing arak-arakan jroning rerangken festival iku katon para TKI-HK kanthi busana khas Indonesia. Coba, yen kudu ngirim rombongan saka Indonesia, prabeyane sok ora cukup yen mung atusan yuta rupiyah.

Para TKI-HK pranyata uga ora mung nguber dolar. Akeh kang ngisi wektu longgare kanggo sinau, kursus, kuliah, lan berkesenian. Ing bab seni sastra, sawatara wektu kepungkur wis kaandharake ing kalawarti iki (Hong Kong Writers Idol). Malah dhek 17 Juni 2007 ing rerangken Milad ka-10-e Forum Lingkar Pena (FLP) HK nggelar acara workshop/diskusi sastra kanthi nekakake narasumber Ketua Umum FLP kang uga dosen sastra ing Universitas Padjajaran Bandung, Drs. M. Irfan Hidayat, M.Hum karo aku (Bonari).

Ing diskusi kuwi dakkandhakake manawa para TKI-HK kang padha sengkut ulah sastra (jroning 2005 – 2007 kasil mbabar ora kurang saka 10 buku) wenang diarani aktivis kebudayaan, kang nindakake pakaryan agung, nyurung bangsa Indonesia menyang papan kang luwih becik amrih dadi bangsa kang maca utawa mangun budaya maca. Lah proyek utawa gerakan membaca-menulis kaya kang wis ditindakake para TKI-HK kuwi, yen kudu dilebokake anggaran pemrentah, prabeyane mesthi taker milyaran.

Saliyane ulah sastra akeh TKI-HK kang gawe kelompok tari utawa musik, lan malah ana sanggar kang madhahi manekawarna potensi seni-ne TKI-HK kang disebut Sanggar Budaya (diayomi dening KJRI-HK).

Mulane, yen dina libur ing Taman Victoria kuwi mesthi ana TKI kang ajar joget, nyanyi, lan sapiturute. Ing seni musik ana Hot Hot Band, ing seni tari ana kelompok Alexa Dancer’s lan Borneo Dancers. Alexa Dancer’s kajaba ngudi tari modern uga ora lali marang tari-tari tradisional. Malah kang dadi ciri khase yakuwi tari jaranan. Senajan ukel jogede wis campur-campur manekawarna joged jaranan, malah kambon joged modern, jaranan made in TKI-HK iki ya nggunakake alat-alat baku, ana prenthul tembem, topeng pujangganom, kepang (jaranan), lan celengan.

Ing rekaman video pengetan HUT RI ing Elizabeth Stadium, HK, malah katon para anggota Sanggar Budaya ngepyakake sendratari pethilan saka kisah Ramayana. Kostume ya komplit, klebu sandhangane anoman.

Lha, iya! Sapa kang ngirimake kostum, topeng, terbang, lan sapiturute kang jelas yen ing HK ora ana kang dodol kuwi? Ya para TKI-HK. Lho, kok keplaur ngusungi brekakas kaya ngono-ngono kuwi? Ya saking olehe tresna marang budayane dhewe, mesthine. Yen rembugan bab nasionalismene, para TKI-HK aja disepelekake tenan. Coba, saben upacara pengetan HUT-RI ing HK, paskibra-ne ya para TKI. Mesthine yen ora cinta tanahair, rak ya penak seneng-seneng nyang Disneyland, The Peak, utawa Ocean Park, utawa kerja partime kanthi bayaran HK$ 100/jam.

Mula, para TKI-HK kuwi wenang diarani duta budayane bangsa Indonesia. []

Sumber: Majalah Jaya Baya

0 urun rembug: