Wednesday 23 January 2008

Shen Zhen, Jujugane Turis Indonesia

’’Lolek Mulah, Lolek Mulah, Ayo Bolong, Bolong!’’



Shen Zhen kuwi sawijining pojoke tlatah China kang kegolong maju pembangunane. Ing kana-kene katon gedhung-gedhung njara langit kang isih kinclong, lan malah akeh kang nedheng-nedhenge dibangun. Mula ta mula akeh kang kandha manawa China kuwi negara kang ajuning pembangunane ngedap-edapi. Kang gawe eram maneh, para bakul kang njaga toko-toko ing pusat pertokoan ing Shen Zhen, akeh kang bisa omong nganggo basa Indonesia. Upamane kaya kang diangkat dadi judhule tulisan iki, ’’Lolek mulah, lolek mulah, ayo bolong, bolong!’’ Karepe, ’’(Jam) rolek murah, rolek murah, ayo borong, borong!’’


MBOKMANAWA amarga Shen Zhen kuwi dadi jujugane turis saka Indonesia, turis murni, apadene wong kang kebeneran bisa dadi turis dadakan kaya penulis iki. Dhasar dununge kepetung cedhak karo Hong Kong. Bandar Udara Chek Lap Khok (bandar udara Hong Kong kang anyar) iku mapan ing tlatah anyar (new theritory). Numpak bis gliyak-gliyak mung perlu wektu watara rong jam wis tekan Shen Zhen. Iku meh padha karo wektu kang kudu ditempuh kanthi numpak bis saka bandar udara menyang pusat kutha Hong Kong, Central, utawa nyang Causeway Bay.

Pemandu wisata asal China (omahe ing Shen Zhen, cedhak karo papan wisata gaweyan kang diarani Window of the World) bola-bali nerangake manawa mengko yen blanja aja nganti kebujuk. ’’Barang-barang ing Shen Zhen pancen murah. Nanging kudu pinter nganyang. Upama ditawakake satus yuan becike dienyang selawe utawa mundhak-mundhake nyang telung puluh,’’ mangkono welinge Lily, pemandu wisata kang ngaku duwe anak siji kuwi.

’’Geneya kok barang-barang ing Shen Zhen murah? Amarga iku gaweyan China. Senajan barang-barang iku diwenehi cap utawa merek kaya barang-barang gaweyan Eropa utawa Jepang, iku mono gaweyan China. Dadi, iku barang-barang palsu. Yen tuku barang gaweyan China ing China, ya mesti murah,’’ mangkono katrangane Lily terus-terang.

Lha, iya, ya? Wis dikandhani yen barang-barang kuwi palsu, ewadene kok saben dina wong-wong, kelbu kang saka Indonesia, ndlidir padha blanja lan kulakan nyang Shen Zhen!

Barang-barang aksesoris komputer, MP3, MP4, flash disck, camera, hand phone, lan sapiturute pancen bisa ditemokake ing Shen Zhen kanthi rega kang kepetung murang, sok malah mung tiba separone rega ing Indonesia. Mung pancen bener, kualitase klebu nguwatirake. Penulis nate dioleh-olehi memory card lan flash disck kang bareng tekan Indonesia ora kena digawe. Mula, kejaba sangu mung cumpen, penulis ya mung trima ndeleng-ndeleng wae ing pusat pertokoan kang satemene mirip-mirip THR Mall kuwi. Ya mung THR Mall kalah gagah, kalah gedhe, ngono wae.

Kang kudu diati-ati maneh, yen pancen ora niyat tuku tenan, aja nganti mak-mek. Bisa-bisa banjur dipeksa-peksa amrih sida tuku. Iki pengalamane penulis: alasan barange ora cocok karo selera, ben ndang bisa ninggalake toko kuwi. E, malah ana pegawe toko kang banjur nggondheli tangan iki, trus pegawe liyane njupukake maneka modhel barang kang mau diarani ora nyocogi. Untunge, merga basa Indonesiane kana mung capet-capet, dene penulis malah blas ora ngreti basa China, basa Inggris ya basa Inggris gagrag Empat Mata, banjur dieculake, merga padha bingunge! Slameeeeettt….. slamet!

Nunggal Negara Beda Cara

Maune, Hong Kong iku dikuwasani dening Inggris, lan lagi dibalekake nyang China dhek 1 Juli 1997. Ewadene, senajan wis nyawiji karo China, sistem paprentahane isih nganggo carane dhewe (nunggal negara nanging nganggo sistem-e dhewe-dhewe). Mula senajan wong Hong Kong kuwi ya wong China, yen arep mlebu China Daratan (upamane menyang Shen Zhen) ya kudu ngliwati Pos Imigrasi. Kosokbaline, yen wong China Daratan pengin mlebu Hong Kong ya kudu ngliwati Pos Imigrasi, kaya adate wong menyang luwar negri.

Supama ora ana aturan kaya mengkono, meh kena dipesthekake sawise Hong Kong dibalekake menyang China dening Inggris iku dumadi eksodus rame-rame saka China Daratan menyang Hong Kong. Geneya? Neng Hong Kong, yambutgawe kadidene rewang ing rumahtangga kaya kang ditindakake para wanita saka Indonesia kuwi sesasi bisa nampa bayar meh Rp 5 yuta. Mangka, wong lanang kang dadi kuli bangunan ing Shen Zhen, miturut katrangane Lily, mung bisa nampa watara Rp 1 yuta. Njomplange adoh banget.

Senajan katone birokratis, kudu cek ing Pos Imigrasi, saben dina, luwih-luwih ing dina libur, iline wong mlebu-metu Hong Kong – China pindha sela brakithi (nyilih ukarane ki dhalang) ndlidir kaya ora ana pedhote. Wong China menyang Hong Kong kayadene wong tamasya menyang papan kang luwih rame, luwih mewah, dene wong Hong Kong menyang China perlu uwal saka kang sarwa rupeg. Lan, golek kang sarwa murah. Lha, iki ana bebandhingan maneh. Pijet, neng Shen Zhen cukup 25 nganti 50 dolar (kira-kira Rp 30 ewu – Rp 60-ewuan) mangka neng Hong Kong HKD 100 – HKD 150. []

Saka: Jaya Baya

0 urun rembug: