Dening: Bonari Nabonenar
KONGRES sastra Jawa, geneya ora? Awang-awangen mbayangake ragate?
Apa kongres mung bisa ditindakake kanthi ragat sing ngawang-awangi? Apa ora bisa ditindakake kanthi murah-meriah?
Hm. Kok nekad temen, ta? Apa ta, wigatine sastra Jawa iku, kok nganti kudu dikongresake barang kuwi?
Wis, ta, lah! Cekake, yen wegah dianggep wong ora sastra ora budaya, ya nggatekna sastra.
[]
Sawatara wektu kepungkur, para pengarang crita cekak abasa Indonesia nggelar Kongres Cerpen (Crita Cekak) ing Ngayogyakarta. Lho, yen selagine crita cekak wae bisa dikongresake, geneya sastra (Jawa) ora entuk dikongresake?
Kongres Basa Jawa wis digelar kaping pindho. Malah rencanane, ing wulan Juli mengko bakal digelar Kongres III Basa Jawa, ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Jenenge wae Kongres Basa Jawa, mula ya kudune pancen aja keladuk ing pangarep-arep entuk kalodhangan mirunggan kanggo ngrembug ruwet-rentenge sastra. Nanging, keladuke pangarep-arep iku nyatane ora bisa ditutup-tutupi. Ing Kongres I Basa Jawa ing Semarang (1991) kanthi spontan para pengarang gawe ada-ada rembugan ing sakupenge kolam renang, ngrembug ruwet-rentenge sastra Jawa. Iku kelakon merga para pengarang sapanemu, sapangrasa, manawa aspirasine ora entuk papan murwat ing acara resmi. Bab kang nunggal misah, manut ujaring kandha, uga kelakon maneh ing Kongres II Basa Jawa, ing Malang (1996).
Nuntut supaya rembug bab sastra Jawa entuk papan mirunggan ing adicara Kongres Basa Jawa, mangka, sajake bebasan rebut balung tanpa isi. Lho, kok ngoten? Lha, witikna, keputusan Kongres I lan II sing mening-mening jantrik tharik-tharik iku tibane ya mung hewes-hewes ora ana kabul kawusanane ngono, kok! Embuh, sapa sing salah. Lah ya ora perlu diucik, ora perlu diurus sapa sing salah, mundhak kedawan urusan. Luwih becik nggagas kongres dhewe, Kongres Sastra Jawa.
[]
Nggagas Kongres Sastra Jawa! Iku sing mletik ing sapatemon Sanggar Triwida sing kelakon ing daleme Ketua Sanggar Triwida, Bapak Sunarko “Sodrun” Budiman, desa Balereja kecamatan Kalangbret, Tulungagung, dhek dina Minggu-Pon, tanggal 7 Januari 2001.
Nalika iku ana sing duwe panemu manawa Kongres Sastra Jawa prayoga digelar mbarengi Kongres III Basa Jawa. Pamrihe bisaa dadi alternatif tumrap para pengarang lan sutresna sastra Jawa sing kepengin melu Kongres Basa Jawa nanging ora kuwat mbayar karcis sing setengah yuta rupiyah kuwi. Lha, ning, yen dipikir-pikir rak ya akeh pengarang sastra Jawa sing kudu melu Kongres Basa Jawa, dadi panitia, dadi pemakalah, utawa ditugasake dening instansine. Mulane, mbokmanawa pancen luwih prayoga manawa bisa ditindakake watara rong wulan utawa sewulan sadurunge Kongres III Basa Jawa iku.
Papan sing dipilih Surabaya. Upama digelar ing Tulungagung, apamaneh yen ing Trenggalek, sajake kok keminggiren temen. Karodene uga ngelingi manawa gagasan kang nunggal-misah pranyata uga mletik saka kanca-kanca ing Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS).
Jenenge Kongres Satra Jawa, mula upama sida kaleksanan, sing bakal diundang ya para pengarang sastra Jawa ing saindenging Nusantara, syukur bisa saindenging donya.
Sing dirembug? Ya ruwet-rentenge sastra Jawa, upamane ngenani kahanane sastra Jawa mutakhir, hadiah sastra Jawa, adege sanggar-sanggar sastra Jawa wektu iki, mitakonake anane Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ), nggagas program peningkatan sumberdaya pengarang sastra Jawa, lan sapiturute, sing bisa kacakup ing tema: Revitalisasi Sastra Jawa.
Lan sateruse. Wong, satemene gagasan iki ya isih rada mentah. Mula, banget syukur alhamdulillah lamon media abasa Jawa bisa aweh ajang kanggo ngglindhingake gagasan iki.
Dhuwite sapa sing kanggo ngragati? Wah! Yen mikir dhuwit, gagasan iki sok malah ora sida kaleksanan! Aja lali, iki ngono rak gagasan sing kawitane mletik saka wong sing ora duwe dhuwit kanggo melu Kongres Basa Jawa. Lan uga saka wong sing ing batin ngrasa eman dene Kongres Basa Jawa iku digelar kanthi mewah-wah-wah-wah, saengga kudu ngentekake prabeya sahohah! Ya, pancen, tumrap wong Jawa, dhuwit samilyar apa rong milyar ngono wae saiki-iki kepetung sithik. Ning, tumrap budaya Jawa sing ngetokake sepuluh yuta saben tahun kanggo hadiah sastra Jawa wae “ora kuwat” etungan milyaran kuwi huwakeh banget, lho! Mula, semangat murah-meriah, tanpa ngurang-ngurangi esensine kongres, iku sing kudu diugemi ing Kongres Sastra Jawa iki. Lan, kudune ora perlu mamang, ngelingi acara Festifal Penggurit lan Orasi Sastra Jawa sing bisa kelakon sawatara taun kepungkur ing Blitar, pawitane ya mung dhengkul! Ya, ngendi ana basuki tanpa beya. Ning, pokoke, ora ngawang-awangi-lah!
[]
Dikayangapa, Kongres Sastra Jawa iki pancen wigati. Eman yen nganti ora sida kelakon. Jalaran sawise OPSJ ora pati greget maneh nggelar kegiatan kaya sing kelakon ing Bojonegoro sing wis lawas banget kae, para pengarang sastra Jawa mung bisa ketemu ing seminar-seminar sing cetha yen ora digelar mligi kanggo para pengarang.
Mesthi wae iki ora sinurung denging semangat eksklusivitas. Wong pengarang iku ya kurang-luwihe padha wae karo manungsa liyane. Ning, apa alane yen ana solidaritas ing antarane sapepadhaning pengarang sastra Jawa, upamane. Coba, upamane iki: Yen panjenengan pengarang sastra Jawa, apa nate rumangsa kelangan Bene (Bene Sugiarto) penggurit sing supernyentrik kuwi?
Sing luwih wigati maneh, mbokmanawa, yen saka sanjabane pengarang kaya wis ora ana sing bisa diarep-arep, apa lupute yen pengarang dhewe gawe ada-ada mbangun kahanan sing kondusif amrih ngrembakane sastra Jawa? []
*) iki tulisan lawas (2001) sing ora tau kamot ing media cetak ngendi wae
0 urun rembug:
Post a Comment