Wednesday 23 January 2008

Pembinaan Mental Spiritual kanggo Para TKI Hong Kong


Dina Minggu wingi (10 Juni 2007) Pemerintah Provonsi Jawa Timur nggelar acara Pembinaan Mental Spiritual kanggo para TKI ing Hong Kong, mapan ing Hotung Secondary School, ing kawasan Causeway Bay. Hotung Secondary School iku uga cedhak banget karo Taman Victoria kang dadi jujugane para TKI Hong Kong yen dina Mingugu utawa liburan.

ACARANE gayeng, ditekani Kabid Penerangan KJRI-HK Drs Nugroho Y. Aribimo, Staf Ahli Wakil Presiden RI Drs Alwi Hamu, lan para wartawan (koresponden) media cetak abasa Indonesia kang mligi diterbitake ing Hong Kong. TKI-HK kang nekani acara iku udaakara wong patang atus. Kanggo ngrancagake lakune acara, Rombongan saka Pemprov Jatim dibantu dening saweneh komunitas kang aran Nongkrong Bareng Fans (NBF) kang diketuani dening Esti, TKI-HK asal Ngawi.Ya para warga NBF iku milihake papan, nyewakake sound-system (kabeh dibayari dening Pemprov Jatim) lan ngukuti larahan sawise acara rampung.
"Kang dadi TKI ing Hong Kong kuwi para wanita, lan keh-kehane wis mangun kulawarga, ninggal anak-bojo ing Indonesia. Mula kanggo nambah wawasan amrih ora gampang kena panggodha, Pemprov Jatim ngajak para ahli ing babagan mangun pribadi kang kuwat mental lan imane. Dadi, piye mengko ben sawise rampung dadi TKI bisa oleh pawitan ekonomi lan bisa nanjakake kanthi becik kanggo mangun kulawarga kang luwih harmonis, ora banjur malah bubrah merga tetaunan padha pisah panggonan," mangkono ngendikane Dra. Supadmi, Msi. Kepala Bidang P dan K Biro Mental Spiritual Provinsi Jawa Timur marang wartawan.
Sajake pancen trep karo paraga kang didhapuk dadi pembicara, yakuwi Dr Eni Haryati (ahli Pemberdayaan Ekonomi saka Unesa), Dr Nalini Muhdi, SPKJ (Psikiater ing RSUD Dr Sutomo Surabaya), Drs. H Hambali (ahli agama, dosen ing IAIN Sunan Ampel,lan Pondok Pesantren Al Jihad Surabaya). Luwih trep maneh merga kang dadi moderatore Drs Hendro Wardhono, Msi (pakar kebijakan publik saka Unair).
Acarane gayeng tenan. Karo ngenteni nyambunge komputer menyang LCD, Dr Nalini nembangake salah siji lagune Bimbo, "Tuhan.... tempat aku memintaaaaa....." lan kandha mengkene sarampunge lagune, "Lagu iku mau becik ditembangake yen ati lagi sumpek." Dr Eni Haryati sajak wegah kalah, uga nembang sadurunge mlebu ceramah intine. Nanging, kang paling nggeterake rasa, yakuwi nalika saweneh TKI asal Medan, Yeti Ritonga ngrasuk agama Islam dibimbing dening Drs. H. Hambali. Ceramahe Drs H Hambali uga gayeng tenan, kebak pitutur agama kang dibumboni lelucon-lelucon kang sueger tenan.
Upama wektune isih ana, sajak para TKI-HK keng nekani acara iku wegah ninggalake papan kono. Sadurunge bubar, padha nembang bebarengan, dangdut, campursari, sambi njoget bebarengan. Lucune, ana TKI loro, siji saka Jawa barat, siji saka Jawa Tengah kang komentare nunggal misah. TKi kang saka Jawa Tengah takon ngene, "Gek kapan nggih, Pemprov nggen kula niku damel acara kados ngeten niki?"


Masalahe Kompleks
Masalah utawa prekara kang diadhepi para TKI iku akeh lan kena diarani kompleks,kalebu TKI kang ana ing Hong Kong. Akeh kang ngakoni manawa dadi TKI ing Hong Kong iku isih mendhing tinimbang, upamane, kang nyambutgawe ing Malaysia, Singapura, apamaneh ing Timur Tengah (Arab Saudi sakiwatengene). Diaranana isih mendhing, buktine sawatara taun kepungkur ana TKI kang dianiaya dening majikane nganti lumpuh, senajan akhire menang ing pengadilan. Kira-kira sewulan kepungkur uga ana saweneh TKI kang nekat anjlog saka jalan layang nganti remek. Ana singkandha isih koma nganti tekan dinane iki. Durung klebu prekara karo kulawarga, karo bojo, lan karo para penjahat kang sok ngiter wiwit bandara nganti tekan ngomah nalikane para TKI mulih ngendhangi kulawargane.Ing Hong Kong uga akeh majikan kang mbayar rewange sangisore standar kang diatur dening pemrentah. Iku klebu prekara markake LSM-LSM perburuhan ing Hong Kong isih padha kerep demo.
"Masalahe para TKI kuwi klebu kompleks. Lan, aja nganti keladuk ing pangarep-arep, rombongan kang teka saka Pemprov Jatim iki sadhar manawa ora bakal kongang ngrampungake sakehing prekara kuwi. Kang diangkah ya kuwi bisane para TKI duwe wawasan kanggo ngrancang dina tembe kang luwih becik lan disengkuyung dening kulawargane kang ana ing Indonesia, mligine ing Jawa Timur. Dadi, upamane, aja nganti para kulawarga kuwi nganggep manawa Hong Kong kuwi panggonane dhuwit banjur angger ana kiriman digunakke tanpa petung," mengkono kandhane Hendro Wardhono.


Majikan HK Tuku Kamus Indonesia
Dina Minggu esuk uthuk-uthuk iku penulis entuk kalodhangan kanggo melu siaran Nongkrong Bareng, saweneh acara ing RTHK (Radio lan Televisi Hong Kong) bebarengan karo Sam Jauhari pengusaha Hong Kong kang duwe koran Berita Indonesia, tabloid Intermezo, lan Majalah Peduli (kabeh nganggo basa Indonesia lan mung dibabar ing Hong Kong). Kak Sem --mangkono biasane para TKI HK ngundang Sam Jauhari-- ikutibake cedhak banget karo para TKI ing Hong Kong, jalaran dheweke iku dadi penyiar ing acara Nongkrong Bareng iku, klebu acara Sahur Bareng yen sasi Pasa.
Nalika budhal penulis ngira yen acara Nongkrong Bareng iki mengko bakal nganggo basa Indonesia sok kecampuran basa Jawa kaya nalika penulis melu siaran ing Radio Metro (uga ing Hong Kong) dhek taun 2005 kepungkur. Eh, tibake seje. Iki luwih akeh basa Kantones-e. Nalika sesi interaktif, para TKI uga nilpun nganggo basa Kanton kang lancare padha wae karo penyiare. Wah, jan penulis mung ndlongop sadurunge dijarwani dening Kak Sem.
Wah, jan! Apa sing "wah"? Lha piye ta, lha kok tibake kang melu interaktif, nilpun nyang radio nalika acara Nongkrong Bareng iku ora mung para TKI. Pas dhek Minggu kuwi ana saweneh majikan kang ngaku manawa amrih bisa komunikasi kanthgi becik karo pekerja-ne, dheweke ngalahi tuku kamus basa Kanton-Indonesia. Waladalah!
Kang bisa didadekake cathetan, acara iku becik banget amarga para majikan uga bisa melu ngrungokake pawadulane para TKI. Lha, mbokmanawa luwih becikmaneh manawa wong Indonesia, kulkawarga TKI apadene para pejabat bisa melu ngrungokake. Oh,bisa, ning kudu liwat internet, tur emane maneh, alamate lagi bisa diaturake ing lapuran candhake yen Redaksi isih ngeparengake bersambung. BONARI NABONENAR

saka Jaya Baya

3 urun rembug:

Welleh... kulo malah mboten nate mirengaken Radio meniko Pak. Mboten nggadah Radio. Lan mboten ngertos dospundi caranipun mirengaken.. wakakaka..

Lho??? kok hura muncul komentarku.. ?? Hikz..

RTHK, lah radio saiki rak isa mlebu komputer, mlebu hp, mlebu mp4, dan akhirnya mlebu kuping:)) gitu aja kok repot