Thursday, 24 January 2008

Nuhoni Unen-unen Seje Silit Seje Anggit

Tulisane Narko ’’Sodrun’’ Budiman (NSB) ing Panjebar Semangat nomer 18 (6 Mei 2006) kanthi irah-irahan Tema Pendidikan wis Klop, Cak! ora bisa diprekarakake, awit iku dhapur panemune Ketua Sanggar Triwida iku kang satemene uga mung dhapur nyarujuki asil musyawarahe para jamhuring kabudayan kang uga sujananing basa lan sastra Jawa (Panitia Pengarah Kongres Bahasa Jawa IV). Nalika kanthi andharan iku NSB banjur nganggep luput panemu manawa tema Pemberdayaan Bahasa dan Sastra Jawa melalui Pendidikian dalam Rangka Penguatan Bhinneka Tunggal Ika kurang trep, uga ora apa-apa. Ora dadi baya pangapa. Malah kuwi ateges nuhoni unen-unen, ’’Seje silit seje anggit.’’

KANG bisa diprekarakake mung carane NSB ngonceki panemuku kang mung dipethik saka ukara-ukara lisanku kang sajake ora ditampa kanthi sawutuhe. Dadi, andharane NSB ing Panjebar semangat iku mau ora kasurung dening analisis ngenani panemune dhewe geneya kok saka rumangsane tema KBJ IV kuwi wis pas banget, nanging kakehan njlentrehake panemuku kang ora dadi sangsaya jlentreh, kepara malah sangsaya ruwet.

Ndeleng topik utawa pokok-pokok bahasan kang bakal dadi rembug ing KBJ IV kaya kang kacetha ing situs resmi KBJ IV http://jawatengah.go.id/konjawa/ yaiku: (1) Peranan paguyuban Jawa dalam pembinaan bahasa dan sastra Jawa, (2) Bahan ajar bahasa Jawa untuk orang asing, (3) Pembinaan dan pengajaran bahasa dan sastra Jawa dalam perspektif kebhinnekatunggalikaan, (4) Kompetensi pengajar bahasa dan sastra Jawa, (5) Fenomena multidialek dalam pengajaran bahasa dan sastra Jawa, 6) Model pembelajaran multikultural bahasa dan sastra Jawa, (7) Bahasa dan sastra Jawa di tengah kemajuan teknologi, (8) Kearifan lokal yang mengusung semangat Bhineka Tunggal Ika, (9) Pengajaran bahasa dan sastra Jawa pada era global, saka rumangsaku pilihan tema mau kok isih kurang mathuk, kurang ngreken marang kanyatan kang gumelar ing wektu samengko, ing antarane yaiku anane para mudha tumaruna kang isih gelem lan setya nulis migunakake basa Jawa. Pancen bener, dicethakake ing brosure manawa kang diajangi kanggo nulis lan medharake makalah ing KBJ IV klebu para penulis, ya kang nulis warta, ya kang nulis sastra. Lha, yen wis diwatesi (aja lali, tema iku digawe klebu kanggo matesi andharan kareben aja nggladrah mrana-mrana) nganggo tema ngono kuwi, apa para pengarang utawa penulis kang uga guru kayadene NSB mengko upamane, bakal tampil kadidene guru, kadidene Ketua Sanggar Triwida, apa kadidene pengarang/sastrawan?

Aku mung bakal ngandhakake kayangapa wigatine anane para pengarang lan penulis basa Jawa kuwi kanthi ora mamang-mamang merga aku wis ora mapanake awakku dhewe ing kelompok penulis/pengarang kuwi, merga pancen wis ora produktif. Apamaneh yen dietung saka tahun 2000 seprene, babarpisan aku wis absen. Cethane, yen ngrembug lestari lan ngrembakane basa Jawa, upama kudu milih, aku luwih milih isih ana televisi lokal, majalah, koran, radio, lan buku-buku kang nggunakake basa Jawa, isih ana wong kang bisa lan gelem nulis nganggo basa Jawa, tinimbang anane pelajaran basa Jawa ing sekolahan. Kuwi yen kudu milih salah sesisih. Mula ing tataran iki aku ora mrelokake maneh mata kuliah kurikulum kaya kang dibeber NSB, ngenani mata pelajaran wajib, muatan lokal wajib, lan sapiturute kuwi.

Kok penulis utawa pengarang utawa sastrawan kuwi kaya-kaya [apa malah pancen tenane] luwih wigati tinimbang paraga liyane, upamane dhalang, pranatacara, pesindhen, lan sapiturute? Nalare bakal bisa ketemu lamon bisa ngakoni manawa ya tulisan kuwi sing kena digegadhang bisa mapanake basa Jawa ing kalungguhan kang kinurmat ing antarane basa-basa ndonya liyane. Mula aku luwih ’’ngajeni’’ Ronggowarsito kang nulis utawa ngripta serat Kalatidha tinimbang Yu Jumiyatun sing nembangake kalane dheweke tanggapan nyindhen, luwih ’’ngajeni’’ penulis naskah pakeliran tinimbang dhalange, luwih ’’ngajeni’’ pangripta buku tuntunan kanggo upacara temantenan utawa tuntunan kanggo pranatacara tinimbang paraga-paraga kang satemene ora luwih saka mung tukang maca, kang ora katon maca merga wis ngapalake. Aja kejeron panampa maneh, iku pambiji ing bab utawa urusan ngrembakakake basa Jawa.

Ana maneh pangrasaku kang yen diwedhar sajake malah ndadekake wong kaya NSB kuwi kesusu jaja bang mawinga-winga, yakuwi manawa satemene aku ora bakal melu nangis (yen ana kang nangisi) saupama basa Jawa wis ora ana kang migunakake maneh alias wis cures saka salumahe bumi iki. Nanging aja lali, olehku dadi ’’kurang ajar’’ lan sok nulis pratelan manawa Kongres Basa Jawa --biyen nalika mapag KBJ III—mung nggiring basa Jawa menyang museum, sing dibiji Pak Bambang Murtiyoso (via email) kadidene tulisan kang nggatholoco, iku kabeh satemene kesurung dening rasa ora trimaku merga basa kang isih dadi basa padinan ing kalangane masyarakat Jawa –senajan ya akeh sing wis ora jawa— nanging diumbar dadi pangewan-ewan, dianiaya, upamane ditulis kanthi ejaan kang keladuk sakepenake udele wartawan/redaksi media cetak, ditulis sakarepe udele embuh sapa ing spanduk kang kerep wae dipasang/digawe dening instansi pamarentah.

Ing tulisan kang kamot ing Surabaya Post (Minggu, 16 April 2006) kanthi judul Mencurigai Sastrawan Jawa yang Tak Sakit Hati, dakkandhakake, ’’Saya menginginkan, misalnya, panitia KBJ IV punya cukup keberanian untuk mengusung tema: Memperkokoh kedudukan bahasa Jawa sebagai warga bahasa Dunia.’’ Iku mung dhapur usulan. Ora banjur naker regane KSJ II mung nganggo temane KBJ IV. Yen kawetu tembungku ing sangarepe wartawan upamane bab KSJ II ora prelu.... [lan sateruse] eman banget lamon ukara iku uga tinampa wantah. Satemene sing takkarepake kuwi, KSJ kadidene salah sijine wujud perlawanan tumrap konsep utawa gagasan kang rinasa cengkah karo kang kurang luwihe ana ing angen-angene Keliek, Bonari, Sucipto, Danu, Suwardi Endraswara, Daniel Tito, Yudhet, ya klebu Sunarko Budiman barang kuwi sing ora kudu ana. Nanging KSJ dhewe kudu tetep ana, kadidene lembaga kang dibangun kanthi rekasa, takkira eman-eman lamon diputhes mung tekan kono. Lha, nanging mengko yen sawijine wektu padha ngrasa yen wis ora dibutuhake maneh, ya sumangga. Malah Keliek wis cluluk, ’’Mas, iki keterlibatanku sing pungkasan ing KSJ.’’ Takkira ukarane Keliek iku uga aja ditampa wantah. Mesthi sing dikarepake ya keterlibatan secara fisik. Yen mengko-mengko isih ana kang gelem nggelar KSJ banjur udhu panemu wae wegah, kok ya kebangeten temen, ta?

Tur, ya dadi konyol banget yen mung pambengoke Bonari Nabonenar, apamaneh ing wektu kang wis dudu wektune kanggo ngowah-owah kok wani-wani njaluk temane KBJ diowahi. Yen ditampa wantah kuwi lucu banget, lho! Luwih-luwih yen dibayangake, gek mendahneya kayangapa katon sektine Bonari kuwi, yen bebasane bisa mbalekake bubur dadi beras maneh! Heheheh! Nanging, lha wong seminar utawa sarasehan kuwi papane wong medhar gagasan, sambung rasa, sambung pamikir. Cara basa ndakike ngono dhapur munculake wacana, rak ya kudune ora keburu kejeron panampa kaya ngono kuwi ta?

Kang takkarepake tema pendidikan kuwi wis kliwat, yakuwi nalika pamarentah wus ngajangi jembar wulangan basa Jawa ing sekolahan, urusan liyane: klebu ngangkat guru basa Jawa sing kompeten, nyepakake buku paket lan buku wacan sing murakapi, ngasah kreativitase para guru lan ngudi amrih wulangan basa Jawa kuwi dadi wulangan sing nyenengake tumrap murid, iku kabeh bisa dirembug ing sanjabane Kongres Basa Jawa. Bisa nganggo seminar, lokakarya, penataran, lan liya-liyane. Utawa, yen seneng karo ajang sing jenenge kongres, ya apa salahe nggelar Kongres Guru Basa Jawa utawa Kongres Pengajaran Basa Jawa.

Takkira, NSB ora mung kejeron panampa nalika maca ukara-ukara kang mletik saka panemuku, nanging uga kegedhen pangarep-arep marang tema kang ditawakake KBJ IV. Merga NSB uga klebu salah sijine pemakalah ing KBJ IV, muga-muga wae ora kaya bebasan krana kaladuk cedhak karo uwite saengga ora bisa dhamang endi alase. Tegese, senajan ala watake wong ndhisiki kersa, nanging aku kok ora wani ngulur pangarep-arep kaya NSB kang sajake wis lega banget mung krana temane KBJ IV wis cocog karo panemune.

Dikayangapaa, kang aran tema kuwi tan wurunga ya ngabarake semangat lan uga pangarep-arep. Yen aku entuk mbiji tema kang dipilih dening KBJ IV, pangarep-arepe wis mathuk, mung greget utawa semangate sing isih kurang. Yen manut ukarane mahasiswane Mas Keliek utawa Mas Cipto, mbokmanawa, ’’Terasa Orde Baru banget, gitu loh!’’[]


Tau kapacak ing Majalah Panjebar Semangat

0 urun rembug: