Bisa urip kanthi nyawijekake pakaryan lan hobi iku klebu begja. Apamaneh manawa saka pakaryan-hobi iku bisa entuk sembulih sing murwat banget, jaminan social lan mangsa tuwa sing cetha makmur. Iku sing dirasakake Welas Subagyo, lulusan ISI Jogjakarta sing saiki manggon ing Singapura.
WELAS sing klairan Tulungagung (Desa Batangsaren, Kec. Kauman) lulus saka Jurusan Tari ISI Jogjakarta taun 1992. Tahun candhake nikah karo lulusan Sekolah Tinggi Bahasa Asing, Dyah Setyowati, sing asline ngono ya tanggane dhewe, padha-padha saka Kauman, Tulungagung. Nanging sekarone padha lagi pacaran sawise padhadene kuliah neng Jogja. Senajan lulus saka Jurusan Bahasa, Dyah Setyowati mono jiwa senine kuwat banget. Kejaba pinter nari, Dyah Setyowati iku wis dadi primadona wiwit mlebu Sanggar Tari Kembang Sore lan anggota Ketoprak Siswo Budoyo Yunior ing anyake taun 1980-an.
Numpak Jaran Kepang
Pas mentas lulus saka ISI, sawijining dina Welas Subagyo saromongn main jaran kepang ing Jogjakarta. Sing nonton huakeh. Ana wong Jawa, ana wong bule. Ing antarane penonton iku ana saweneh turis, asal Hongkong sing kepranan banget marang kaprigelane Welas numpak jaran kepang.
“Kowe gelem takajak mbarang menyang Singapura?” kira-kira mengkono pitakone wong Hongkong iku marang Welas.
Nlika kuwi, welas wis mbayangake manawa tumrap para lulusan ISI, ana akeh pilihan, sing kadhang kala padhadene abote. Dadi pegawai negeri? Kudu duwe koneksi lan cepak dhuwit sogokan ora sethithik. Urip nyeniman, neng Indonesia, akeh sing kawusanane ya mung dadi pengangguran terselubung, merga sepi tanggapan, apamaneh yen ora duwe daya kreasi sing onjo tenan. Mula entheng wae wangsulane Welas, “Ya, aku sanggup.”
Ora kesuwen, let pirang dina ngono bareng karo wong Hongkong iku Welas budhal menyang Singapura. Wiwitane ya rada gemang, wong urip neng negara liya, sing beda tata-carane, adoh sedulur, kathik sanguine ya pas-pasan, senajan ana sing ngebosi. Wektu semana [ancen beda banget karo saiki. Yen saiki, luwih-luwih ing dina Minggu, numpaka sepur utawa bis ganti ping sepuluh sedina kuwi, kaya kena dipesthekake bakal tansah ketemu karo sedulur saka tanah Jawa, ya para sedulur sing padha golek pangupajiwa ing negara manca iku.
THR-e Kampung Melayu
Tibake, wong Hongkong sing ngajak Welas nalika semana iku dadi direktur-e saweneh pusat hiburan, kayadene THR ing Surabaya, ing kawasan Geylang Serai. Kawasan iku uga dikenal kadidene Malay Village utawa Kampung Melayu. Lah, wiwitane Welas banjur entuk jatah main jaran kepang ing kompleks Malay Village iku, saben dina Sabtu malem Minggu. Nanging merga rame tanggapan njaba, klebu neng hotel-hotel berbintang, sok-sok pentas malem Minggu ing Malay Village dadi gothang. Yen wis ngono, banjur akeh padha tilpun, nagih kok ora ana pentas jaran kepang. Sabanjure, masyarakat sing padha kepengin nonton, ngajak kulawargane nonton jaran kepang malem Minggu iku akeh sing banjur tilpun luwih dhisik sadurunge budhal, nggenahake apa ana pentas apa ora.
Ing Malay Village iku ana boutiq muslim, sandhangan khas Melayu, ana warunge, ana mesin penjual minuman kaleng, lan ana panggung kanggo karaoke dangdut. Dadi, sapaa wae sing pesen jajan, omben, utawa sega, bisa nikmati maem sambi nonton karaokean. Sapa wae bisa munggah panggung kanthi tuku karcis luwih dhisik. Wis ta, pokoke angger wis neng kompleks Malay Village ora mandra-mandra yen lagi neng negara liya. Wong Jawa-ne huakeh banget. Nganti watara 500-an meter saka Malay Village kono ana Plaza City, sing isine ya uakeh wong Jawa-ne, klebu ing diskotik-e ing lantai ndhuwur.
Neng Malay Village, Welas dadi karyawan tetap, lan bojone, Dyah Setyowati ya banjur nyewa stan kanggo nyewakake/dodol klambi/kostum tari, klebu sa-macaki-ne (ngrias)-e pisan. Kajaba ddadi karyawan tetap ing Malay Village, Welas uga isih kober mulang kesenian ing sekolahan-sekolahan.
Dadi Penduduk, Entuk Omah
Taun 1992 mlebu Singapura, taun 1995 Welas wis dikukuhake dadi penduduk (dudu warga negara) Singapura, sing duwe hak-hak lan kuwajiban meh padha karo warga asli Singapura. Upamane: duwe hak tumrap jaminan social klebu jaminan pensiun/hari tua, kesehatan, perumahan, lan liya-liyane. Mula ya gampang wae duwe omah dhewe tumrap Welas.
Kandhane, saben penduduk sing nyambutgawe kuwi wis kanthi otomatis dipotong saka bayarane (dipotonga ya isih akeh), kanggo asuransi hari tua, jaminan omah, lan liya-liyane iku. Welas sakulawrga saiki mapan ing lantai 2 ing saweneh apartemen susun 25 ing kawasan Clementi. Apartemen iku omah susun, nanging ora kemproh kaya rusun gaweyan Keputran. Ana apartemen liya sing isih katon ana pemehane neng njaba. Nanging apartemen sing dipanggonei Welas lan nyonyae kuwi klebu rapi. Sing manggoni racake wis padha duwe mesin cuci sing bisa nggaringake kumabahan dhewe, mung kari njereng nganginake.
Vasilitas ing omah sing dumadi saka ruang tamu, kamar peturon 3, jedhing 2 lan pawon iku klebu mewah. Pengin adus banyu anget sawayah-wayah bisa, pengin masak gas ya wis ana, lan isih ana maneh kamar khusu sing dirancang kanggo ngayom yen sawayah-wayah ana kobongan utawa lindhu.
Tangisan Pitulasan
Rumangsa urip kepenak ing negara liya, nanging pasangan Welas lan Dyah Setyowati sarujuk manawa yen wis siap pawitan kanggo dina tembene, sekarone bakal bali nyang desane neng Tulungagung. “Diarani kepenak ya kepenak, neng kene. Nanging sok ngrasa urip kok kaya mesin. Delengen ta, neng stasiun, utawa trotoar, rk ora ana wong mlaku kledreng-kledreng kaya neng Jawa. Kabeh kaya sarwa kesusu,” mengkono kandhane Welas.
Dyah Setyowati blaka yen dheweke karo bojone tansah nonton Upacara Hari Kemerdekaan 17 Agustus liwat televisi. Lan sekarone ajeg padha tetangisan. Luwih-luwih pas nalika dikumandhangake lagu kebangsaan Indonesia Raya. “Indonesia kuwi negara gedhe, sugih, uadoh banget yen dibandhingake karo Singapura. Lah, Singapura iki mung sakaresidenan, apa malah mung sakabupaten. Nanging bareng ditata kanthi becik, ora dikorupsi nemen-nemen, rakyate padha makmur. Nganti aku keplayu nyang kene iki kok ya apa ora kebangeten, ta?” ujare Dyah karo mbrebes mili.
Sumber: Majalah Jaya Baya
0 urun rembug:
Post a Comment