Tuesday 12 February 2008

WONG DRUBIKSA

delengen polahtandange wong drubiksa
nyaru sanak nyaru tangga
nggelak lakune angkara
apa kowe trima?
langit kobong
alas kobong
pasar kobong
rembulan gosong
kuthaku kuthamu kobong
apa kowe trima
kamarmu nggo jagjagan wong drubiksa?


o
oo
ooo…
ora trima ora trima
ora trima ya arep ngapa?
sawise kobong ngalengkadiraja
sapa bisa niteni
endi munyuk endi bajinguk
sapa bisa
sapa bisa
[]


surabaya, januari 2002
[saka: spm, 10 februari 2002]

0 urun rembug: