Tuesday 12 February 2008

IKI TEMBANGE UDAN

daksesep wangine kembang mekrok
udan nggejibrah
angin nggebes

atiku isih krasa gerah
kepanggang adhem lan goreh


pupus klapa mobat-mabit
nalika udan nembangake mangsa rongeh

angin ya leren
sedhela
wiwi njoget maneh nalika grojogan ngesok
wirama sampak

kali banjir
dalan megung
ora kongang nglarung perihe urip tandhas balung

iki tembange udan
jogede angin
ing dina sing selot lungkrah
srengenge kobong
rembulan pecah
lintang surem cahyane ilang
langit kucel beninge ilang
lintang gogrog awor larahan []


surabaya, januari 2002
[saka: suket, surabaya post, 10 februari 2002]

0 urun rembug: