Wednesday 5 March 2008

donga

[1]

dhuh Allah pangeran kula
lumuntura sih welas paduka
dhumateng jiwangga kula
ugi kekiyatan kangge ngemban sesanggeman
mrantasi sakeh pepalang
mentas saking telenging pacoban
kang trubus samargi-margi
dhuh Gusti
kang yasa lintang rembulan
amemasri ratri
mugi kula tansah amanggih rahayu


dhuh Allah pengeran kula
lumuntura sih welas paduka
dhumateng jiwangga kula
ingkang kadereng nuladha
tabetipun Nabi Muhammad junjungan kula
awit sih berkah paduka
ambeg adil paramarta

dhapur titah kang kajibah jejer kalifah
rinten dalu namung berkah lan sih welas paduka
dhuh Allah pengeran kula
ingkang kula cadhong
murih kula kuwagang
amangun bebrayan
amangun kulawarga
amangun jiwangga kula

dhuh Allah pengeran kula
igkang maha angayomi
ingkang maha welas
ingkang maha asih
paringana jiwangga kula punika
sifat ayom sifat welas sifat asih
saengga jiwangga kula
mupangati tumrap bebrayan puniki



[2]

dhapur titah kang kajibah dadya kalifah
bebasan anggelak lampahing baita
kula nyadhong lumunturing berkah paduka
dhuh Allah kang maha kawasa
mugi angin dadosa kekiyatan
mugi ombak lumembak tumut anggelak
sampun ngantos manjilma dados prahara

dhuh Allah pengeran kula
ingkang maha tresna
ingkang paring garwa-putra
dhumateng jiwangga kula
paring rahmat baita edi rinengga
tresna-asih murakabi salebet sanjawining baita
kang saya ageng saya anengah samodra

dhuh gusti
dhuh Allah kang maha tresna
namung lumunturing tresna paduka
ingkang anjampangi lampahing baita nenggih
nempuh ombak lumembaking gesang puniki
mugi tansah kinanthi rahayu
kalis saking sambekala []

0 urun rembug: