Friday 20 August 2010

SAJRONING SEPI [1]

kijenan ing wengi dhedhet mbrangkang
tumuju awan kenthang-kenthang
srengenge lan lintang-lintang
kaya dudu sanak dudu kadang


godhong garing temangsang carang
ora njengking ora ngathang-athang

lali dina lali pasaran
--iki wis jam pira—pitakone marang
gedheg semrawang
atine mamang
nyawang kang lagi anguk-anguk lawang

sawojajar2 okt 2009

2 urun rembug:

kawit biyen rak penasaran, senajan kasep ora apa-apa ta sesambungan, ngiras pantes tambah paseduluran,e.... sapa ngerti ketularan kapinteran, sanajan rambut wis akeh uwan.

iNGGIH maturnuwun sanget Pak. mugi-mugi tambah mupangatipun.