Saturday 7 August 2010

Ramene Wong Ngoyak Celeng

’’Ya kana dolana!’’ ibu aweh palilah.

Kadidene bocah cilik, entuk dolan ngadoh, ora mung sagluthek omah-pekarangan, mesthi wae aku seneng. Biasane, palilah iku diembel-embeli weling, aja nganti aku gelem yen ditawani mangan ing omahe Si A, Si B, Si C…. amarga ibu kuwatir yen wetengku nganti kelebon iwak celeng.


Ing padhukuhanku kuwi ana kira-kira 5 utawa 6 kulawarga kang kejaba njagakake pengasilan saka tetanen uga saka buron alas. Kang ajeg dadi buron alas kuwi ya celeng, senajan ana kalane entuk selingan landhak, trenggiling, lan malah tau lho, ana sing entuk gogor. Dudu macan rembah, lho, jan gogor tenan. Apa kuwi sing ing donyane akademis sinebut harimau jawa kang saiki jarene meh cures kuwi ya? Eman banget ta yen kaya ngono tenan!

Lha, wong-wong utawa kulawargane para juru bedhag kuwi biasane ngedol kewan buron alase arupa gluntungan kewan utuh, nanging wis mati, utawa arupa daging. Kerep wae saperangan dimangsak dhewe didadekake lawuh.

Dhek aku isih cilik (diwatesi wae taune: 1971 – 1976)satemene durung ana klulawargaku kang nindakake sarengate agama kanthi becik. Wong tuwaku uga durung nindakake salat kaya saiki. Mangka, bapakku kuwi asal saka kulawarga nyandhing mesjid kang klebu khusuk, kabeh sedulure nindakake agama kanthi becik. Ewasemono ya kaya wis katur ing ngarep mau, ibu tansah njaga lan prasasat saben dina meling aja nganti aku gelem yen ditawani mangan ing omahe wong kang kulinane mangsak iwak celeng.

’’Le omong sing apik, aja kandha emoh, ning kandhaa yen lagi wae mangan ing omah lan isih wareg, ngono ya Le,’’ ngono ibuku muruki carane medhar alasan.

Aku ya manut, lan nganti saiki wetengku durung kelebon iwak celeng, kejaba yen olehe mlebu wetengku kanthi ora taksadhari.

Udakara 1 km saka omahku, arah ngalor-ngulon, iku wis wates antarane pomahan karo laladan alas, ereng-ereng wetan Gunung Bogang. Diaranana gunung, satemene kepetung ora dhuwur. Kira-kira malah mung etungan atusn meter sandhuwure banyu segara. Nanging, ing puncake Gunung Bogang iku nganti saiki isih bisa katitik anane kaldera, tandha manawa embuh pirang atus taun kepungkur Gunung Bogang iku nate aktif kadidene gunung geni.

Nganti tekan puthuk Gunung Bogang iku laladan alas. Terus ngalor, embuh pirang atus hektar iku laladan alas kang akeh celenge. Pereng lore Gunung Bogang anjog terus laladan alas kang katelah Rata-rata, merga ing kono ana papan rata senajan ambane mung ora cukup kanggo lapangan bal-balan. Ngetan maneh ana laladan kang katelah Lungur Santen, Lemah Abang, Pandanwangi, Jurug, Tlaga, lan liya-liyane. Dhek jaman aku dadi tukang ngarit, kabeh laladan kuwi wis takambah.

Padhukuhanku pancen prasasat kinupeng alas. Mung wae alas kang prenah wetan lan kidul rada adoh, senajan etungane ora nganti puluhan kilometer. Mula kerep wae kedadeyan, celeng kang dioyak ing alas lor keplayu nasak tegal pekarangan ing pomahan lan bablas menyang alas kidul. Yen kaya ngono kedadeyane, biasane acara mburu celeng dadi sangsaya rame, merga wong-wong kang omahe cedhak alas kidul uga banjur melu opyak mburu celeng.

Rame wong mbengok, rame asu ngalup. Tumbak nyrangap, pokoke ngalahke ramene perang… neng panggung kethoprak. Angger wis ana wong mburu celeng, kampung kaya horeg. Mula bocah ngarit sabarakanku, angger wis ana wong mburu celeng mesthi trima nyingkrih. Yen dumadakan wong-wong mbengok manawa prenahe celeng ora pati adoh, mesthi ndang golek uwit kang kena dipenek, njur krangkit-krangkit menek, amrih ora nganti kepregok celeng kang lagi dadi buron.

Angger wis urusan mburu celeng, ora santri ora wong abangan, kabeh saiyeg, merga celeng kuwi pakartine ngrusak tanduran, dadi mungsuhe wong tani ing padesan kaya ing padhukuhanku kuwi. [bonari nabonenar]

0 urun rembug: