Saturday 24 May 2008

Cangkrukan “Sastra Jawa” bareng Pak George Quinn

Layang Setrum saking Pak George Quinn:

Pak Bonari ingkang kinurmatan, Kula remen sanget menawi dinten Senen dalu, tanggal 2 Juni, saged sapepanggihan kaliyan panjenengan, Bapak Amir Mamud tuwin kanca-kanca PPSJS wonten ing Balai Bahasa Surabaya.

Kula ngentosi rawuh panjenengan wonten ing Hotel Majapahit watawis jam 18.00. Kinten-kinten mawi acara ingkang kados pundi inggih? Kula gadhah pitakenan werni-werni bab pangrembakanipun basa lan sastra Jawi ing Jawi Wetan wekdal semangke. Menapa saged sami wawan rembag soal menika? Matur nuwun panjenengan kersa dipun repotaken ngurusi pepanggihan menika.

Many thanks and nuwun.

George


Layang setrumku:

Pak George Quinn ingkang kinurmatan,

kala wau siang kula rembagan kaliyan Bapak Drs. Amir Machmud, MPd (Kepala Balai Bahasa Surabaya). Wosipun: Balai Bahasa Surabaya remen bilih mangke tgl 2 Juni wanci dalu panjenengan keparing dipunpethuk (dijemput) di hotel untuk acara pertemuan dengan kawan-kawan PPSJS dan para peneliti dari Balai Bahasa Surabaya).

Mbokbilih wancinipun watawis jam 18.00 - watawis jam 20.00. Sasampunipun xcekap rembagan, pepanggihan,panjenengan dipundherekaken ngangge mobil dinasipun
Balai Bahasa Surabaya tumuju hotel.

Menawi kepareng makaten, mangke kula enggal badhe ngulemi kanca-kanca PPSJS.

Nuwun,

Bonari

0 urun rembug: