Thursday 8 April 2010

Kongres Basa Jawa V: Aja mung Mburu Gebyar!

Nalika digelar Kongres Basa Jawa (KBJ) I ing Semarang (1991), sawijining esuk pengarang (kang uga pulisi, dhek semana dhines ing Polda Jawa Timur) Ismoe Riyanto, bengok-bengok ing latar hotel. Kurang-luwihe mengkene pambengoke, ’’Yak apa iki rek! Mosok iki wong Jawa, Kongres Basa Jawa, isuk-isuk disarapi cara Landa!” Prekarane, mbokmenawa pengine sarapan sega goreng utawa sega pecel, kamangka esuk iku sarapan saka hotel ing laladan Srondhol kuwi roti bakar karo endhog godhog.

KBJ II kagelar ing Batu (Jawa Timur, 1996), mapan ing Hotel Purnama. Yen ing Semarang ana protes gara-gara roti bakar, ing Batu ya ana sing gemremeng, ngresula, malah nyelathu petugas hotel, ’’Hotel berbintang ngene kok arep adus wae ra ana cidhuke!’’

Iku mung sawatara pratandha manawa kemewahan kang diupayakake dening panitia (KBJ) malah sok tinampa kadidene bab kang ora ngepenakake dening saperangan peserta. Kang luwih nandhes maneh iku malah rerasanane Djajus Pete, pengarang gamben saka Bojonegoro. Wektune wis lingsir wengi nalika kuwi, nanging Djajus isih gayeng glenikan karo kanca-kanca pengarang kang angel bisane ketemu yen ora ana acara-acara sarasehan utawa kongres ngono kuwi. Ana kang ngarani, senajan sapa wae ngakoni crita cekake Djajus kuwi pilih tandhing, nanging satemene luwih mantep Manawa Djajus crita kanthi lisan. Ringkese, critane Djajus bengi kuwi satemene wantah pangudarasa. Pranyata, senajan wis disedhiyani papan kepenak malah dheweke ora bisa ndang turu, kepara malahg melak-melik. ’’Lha iya, aku mau takon pegawene hotel, jare kamar kaya sing taknggoni kuwi sewengi sewane patang atus seket ewu rupiyah. Kuwi dienggoni wong loro. Tegese wong siji kaya aku iki kejatah rong atus selawe ewu sewengi mung kanggo mapan turu. Yen kongrese limang dina, rak etungane dadi sejuta luwih ta kuwi? Lha, rak aku banjur kelingan anak-anakku sing isih dha sekolah ta? Upama diwenehake rupa dhuwit, aku rak tetep bisa melu kongres, turu nggolek sing murah, cukup seket apa satus ewu sewengi. Rak mulih kongres aku bisa nyenengke sing neng omah, ta?’’

Cekake, ana kang ngrasa eman dene dhuwit watara limang milyar rupiyah kanggo KBJ kuwi tibake luwih akeh kang tumanja ing urusan ’’turu’’ lan ’’mangan.’’ Kanthi iming-iming fasilitas kaya mengkono kuwi: mangan enak, turu kepenak (senajan Djajus Pete tibake malah klisikan), isih tambah bonus sertifikat kang gedhe pangajine mligine tumrap para guru, KBJ dadi kayadene kalodhangan plesir. Kathik wektune biasane kepetung omber, bisa nganti sepasar!

Ana kang asung pawadan, KBJ iku adicara kang sipate internasional, dadi wus murwat yen papan sarta samubarange ora nganggo kang kelas ecek-ecek. Mendah olehe nglelingsemi yen para tamu saka negara manca mung disugata papan lan pacitan sarwa prasaja! Mbokmenawa pawadan mangkono iku ora banget lupute. Mung, yen kesengsem mburu gebyar, buktine malah kanyatan kang gumelar sasuwene iki tibake malah, yen temen-temen olehe ngrasakake, apa ora luwih ngisin-isini?

Pak Ajip Rosyidi lumantar Yayasan Rancage wiwit 1993 saben taun paring ganjaran kanggo Sastra Jawa. Wujude hadiah Rancage, kanggo tokoh lan buku pinilih. Kejaba piagam, bebana kuwi wujud dhuwit nglimang yuta rupiyah. Tegese, Yayasan Rancage kang sakawit didegake kanggo Sastra Sunda kuwi wis asung urun saben taun Rp 10 yuta marang Sastra Jawa. Kamangka, pemangku budaya, basa, lan sastra Jawa dhewe kena diarani durung urun apa-apa ing bab iki. Lha, rak nyolong pethek tenan ta kuwi? Bisa nggawe acara andrawina kanthi wragat milyaran kok malah kaya api-api ora weruh yen para pengarange diopeni ’’wong liya’’?

Mulane, muga-muga KBJ V kang bakal digelar 2011 ing Surabaya mengko bisa minangkani usulane sawatara pengarang kaya kang nate diupayakake dening kadang Keliek Eswe ngadhepi tumapake KBJ IV (2006). Nalika semana sajake rembug wis diwiwiti, nanging banjur mandheg satengahe dalan. Saiba prayogane saupama rembug kang ndhamar mancung kuwi bisa disambung maneh, lan mengko kuwi bisa kababar buku-buku guritan, crita cekak, apadene novel pinilih.

Saupama KBJ diwragati watara limang milyar rupiyah, kudune rak bisa diprithil rong atus apa telung atus yuta rupiyah kanggo mbabar buku cacah sepuluh, kang istingarah paedahe ora mung bisa dirasakake nganti tumapake KBJ sabanjure.

Kanthi mangkono KBJ V wenang diarani ora mung mburu gebyar, nangin kepara sangsaya gumebyar kanthi anane buku-buku kang kababar ora mung saprelu ngluwari ujar. [Bonari Nabonenar]

Dimuat Solopos, rubrik Jagad Jawa (Kamis, 8 April 2010)

2 urun rembug:

Kapan mas, aku melu oleh apa ora ?

KBJ V rencananipun ing Surabaya 2011, dinten matonipun dereng dipunjadwal. Lha mangga, mangke rak wonten wara-wara salajengipun. Nuwun.