Tuesday 5 May 2009

TRESNA

dheweke terus jumangkah
kaya sang andonlampah kang ora nate lungkrah
polatane tansah sumringah
tatu, kacintrakan, lamon timiba
tangeh lamon bakal tumama:
mung aran-aranan salahkaprah
jalaran dheweke jatining tresna

asalira tresna
busana trena
watak tresna:
jatining tresna


Cakul, April 2009

0 urun rembug: