”Miturut panemuku sawijining uwong disebut pengarang utawa sastrawan iku awit dheweke ngasilake karya. Yen sawijining pengarang wis ora ngasilake karya, ateges dheweke wis mati kreatifitase. Mula perlu digolekake tamba, supaya kreatifitase urip maneh.” [Sumono Sandy Asmoro, Panjebar Semangat, Nomer 8, 25 Februari 2012]
Miturut panemuku (Bonari), uwong diarani seniman, sastrawan, pengarang … dening uwong liyane. Sakweruhku durung ana uwong protes, upamane, ”Kok aku wis ora diarani sastrawan?” Mulane, apa paedahe canthuk-lawung nganti keraya-raya...
Sunday, 18 March 2012
Ing Sadhengah Papan Ana Preman?
Tembung ”preman” miturut Wikipedia asale saka basa Landa ”vrijman” (= wong merdika). Ana uga kang negesi, ”wong kang pengin merdika” dhek nalikane bangsa iki isih karegem dening penjajah: Walanda. Teges kang becik iku banjur owah dadi ala sairing karo trekahe wong-wong rosa, kuwat otote, tur mbokmanawa linambaran kasekten pisan, kang banjur nggunakake kekuwatan lan kasektene kanggo tindak kadurakan. Yen preman biyen kepengin dadi ”wong merdika” saka regemane bangsa (penjajah) Walanda, tembung ”merdika” tumrap preman jaman saiki sajake mengku...
Monday, 5 March 2012
KLAMBI ABANG BOTEN DHAHAR DAGING

FOTO: TITAH RAHAYU
Iki tau kedadeyan tenan, jaman isih enom biyen, sok melu besanan. Wong neng desa, yen bisanan wong atusan ndlidir padha mlaku ndlamak. Arane pangombyong besan, tekane mesthi tinampa kanthi gupuh, suguh, aruh, dening omahan sabrayate.
Lha, sing dadi liding crita iki, wong enom kuwi sok aneh-aneh, njarag kancane. Upamane ngene, nalika salaman karo salah sijine panampa tamu, sambi bisik-bisik, "Nuwun sewu, ingkang ngagem...
Saturday, 3 March 2012
Rada Bingung: KIWA lan TENGEN

Nganti seprene, aku ajeg leren mikir yen diabani supaya ”klik kiwa” utawa ”klik tengen” ing nalikane migunakake tikusan (=tetikus, mouse). Tumrap wong ora kedhe (kidal) kaya aku iki rak tikusan kuwi dicekel nganggo tangan tengen.
Lha, nanging ing tikusan kuwi ana papan kanggo nge-klik sisih ”kiwa” (nggon driji panuding) banjur ana gunyeran (scroll?) biasane uga dioperasekake nganggo panuding, lan papan kanggo nge-klik sisih ”tengen” (papane...
Thursday, 1 March 2012
AYO GAWE BUKU

Adhedhasar keputusan Rapat OPSJ (Organisasi Pengarang Sastra Jawa) ing Wisma Seni Taman Budaya Jawa Tengah (ing Surakarta) 25 Februari 2012, ”Penerbitan buku sastra Jawa sebisa mungkin mempertimbangkan prinsip regenerasi, di samping apresiasi terhadap mereka yang telah memiliki pergumulan lama di jagat kreasi sastra Jawa,” (Keputusan Rapat, Nomer 4) pramila sumangga sami anyengkuyung ayahan menika.
Kangge miwiti ayahan menika, para mahasiswa/i...
”Kandhang Bubrah Gagrag Anyar”
Sawijing wektu, Suparto Brata kang wis nyekseni gumelare kahanan wiwit Jaman Landa, Jaman Jepang, nganti tumapake Jaman ”Umyeg” iki, ngudarasa. Wis lali kepriye tembung mbaka tembunge, mung kira-kira mengkene, ”Negara iki bisa digambarake kayadene lagi koncatan Bathara Wisnu, dewa kang njaga rahayuning bawana. Kamangka Bathara Syiwa apadene Bathara Brahma padhadene sengkude nandangi ayahane: nyipta lan ngrusak. Gedhong kantor, omah, kreteg, dalan, lan manekawarna wewangunan digawe, nanging sajak keladuk akeh kang kaselak rusak sakdurunge tumeka...