Monday 6 April 2009

Ngrembakane blog abasa Jawa

Ndayakake lan ngrusak basa Jawa

Para maos tumon panganan kemilan sing bisa nggrawut? Apa sejatine kemilan nggrawut iki lan ing ngendi anane, bisa ditakokake marang Purwoko utawa sing duwe jeneng singlon Blonthank. Jeneng singlon iki sing luwih kondhang dadi arane jurnalis senior iki. Wiwit sawetara wektu kapungkur dheweke ngracik blog abasa Jawa kanthi alamat situs caturanoragawe.dagdigdug.com. Tulisan bab kemilan nggrawut iki kapacak ing salah siji artikel tulisane.


Lan blog iki mujudake salah siji blog sing nggunakake basa Jawa sing nggandhul ing server dagdigdug.com. Basa Jawane kapetung lumayan ndeles, akeh nggunakake tembung-tembung basa Jawa sing racake ing titi wanci saiki wus arang sing mangerteni tegese lan trep-trepane. Nanging akeh uga tembung-tembung sing luput nulise, cawuh antarane aksara ”o” lan aksara ”a” ing panulise sawijining tembung. Purwoko dhewe nalika wawangunem kalawan Espos nelakake yen ing tulisan-tulisane pancen ana sawetara sing nggunakake basa Jawa baku, lan ana uga sing nggunakake basa Jawa ndalanan.

Dene kepriye milihe, arep nggunakake tembung-tembung Jawa baku utawa tembung-tembung Jawa ndalanan, gumantung underane sing arep ditulis lan swasana ati lan pikiran nalika nulis. Nanging, yen maca artikel-artikel sing kapacak ing blog iki rata-rata nggunakake basa Jawa baku, kepara ana siji loro sing nggunakake basa Jawa krama alus.

”Aku duwe krenteg kanggo nulis abasa Jawa ing blog sawise ndulu kanyatan yen saiki sansaya akeh generasi mudha Jawa sing kelangan Jawane. Akeh generasi mudha Jawa sing wus ora bisa micara basa Jawa. Lan akeh generasi mudha Jawa sing wus ora ngerti suba sita lan tatakrama. Saliyane kuwi yen nulis ing blog nganggo basa Jawa rasane luwih nges,” pratelane Purwoko sing ing blog-e uga macak sesanti sala pancen endah, mula ayo padha digawe genah.

Yen wus mlebu ing blog caturanoragawe.dagdigdug.com para maos bisa mbacutake mbukak blog-blog liyane sing uga ditulis nganggo basa Jawa. Antarane blog bornjavanese.blogspot.com, saktipaijo.wordpress.com, etankali.dagdigdug.com lan sawetara blog liyane.

Cawuh

Miturut Dyah Ningrum Roosmawati, lulusan jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, tulisan-tulisan ing blog-blog abasa Jawa kasebut pancen nuwuhake rasa mongkog amarga ana saweneh pawongan sing duwe krenteg kanggo ngleluri basa Jawa ing jagad maya utawa Internet. Kanthi mangkono bakal akeh wong sing bisa mbukak lan maca tulisan-tulisan kasebut.

Emane, miturut Dyah, tulisan abasa Jawa ing blog-blog kuwi uga mbebayani tumrap basa Jawa dhewe. Akeh tembung-tembung sing luput nulise, ora jumbuh karo paramasastra basa Jawa. Kaya sing bisa diwaca ing blog saktipaijo.wordpress.com. Ing tulisan sing kapacak ing blog iki akeh tinemu tembung-tembung sing kleru panulise. Antarane yakuwi tembung sworo (kudune swara), soyo (kudune saya), udokoro (kudune udakara), duh (kudune dhuh), parogo (kudune paraga) lan sawetara tembung-tembung liyane. Ing blog etankali.dagdigdug.com uga tinemu tembung sing luput nulise, kayadene tembung kuwi sing ditulis kui.

Sastrawan Jawa saka Trenggalek, Jawa Timur, Bonari Nabonenar, lumantar blog-e ing alamat situs bonarie.blogspot.com ngandharake pancen akeh tulisan abasa Jawa ing Internet sing nulise luput, ora jumbuh karo paramasastra basa Jawa. Kepara ing google.com sing wus nyumadhiyakake perangan mligi abasa Jawa uga akeh tinemu tembung-tembung sing luput nulise. Rata-rata cawuh antarane aksara ”a” lan aksara ”o”. Uga cawuh antarane aksara ”dh” lan ”d”.

Saliyane blog-blog kuwi mau, ing Internet uga ana saweneh blog lan situs sing mligi ngrembug babagan sastra lan budaya Jawa. Antarane yakuwi blog-e Bonari Nabonenar lan ki-demang.com. Pancen ing blog lan situs iki uga ngemot sawetara tulisan sing ora nganggo basa Jawa, ana saperangan sing tinulis nganggo basa Indonesia. Nanging werna Jawane pancen kenthel banget. ::Ichwan Prasetyo::

Saka: Jagad Jawa SOLO POS Edisi : Kamis, 05 Maret 2009 , Kaca : 4

3 urun rembug:

Mas Bonari, waduh mongkog sanget manah kula margi saget tetepangan kaliyan panjenengan. Lhah pranyoto wonten sastrawan / budayawan ingkang taksih nguri-uri sastra jawi ingkang sakmenika sampun kekikis dening jaman.

Mas bonari, panjenengan saknemika manggen wonten pundi ? Wonten Surabaya ?

Salam tepang saking kula, tiyang Durenan :)

wonten malang mas, kerep nyang nggalek,merga arep duwe gawe festival sastra jawa kuwi. suwun.

suwun pak...remen sanget maos seratanipun bapak...kolo rumiyin kawulo ngeblog sejatosipun amargi kangen kaliyan basa jawi ugi namung kangge seratan pribadi,ananging mboten mangertosi kathah sanget kekiranganipun...awit namung ngangge basa ndalannan je pak...
suwun suwun suwun salam