
Nganti saiki, saben-saben ing gang-gang kang nylempit satengahe kutha gedhe kaya Surabaya, isih bisa diprangguli wong duwe gawe, kanthi adeg terob, mbunteti dalan/gang, lan nyetel kaset gamelan, utawa ludruk, utawa lagu-lagu, kanthi sound-system kang marakake suwarane jemlegur mbrebegi para tangga. Bisa dititik, iku pakulinan gawan saka desa. Nalare? Ing desa, pomahan ora padhet kaya ing kutha. Luwih-luwih dhek biyen, sadurunge wara-wara bisa dicithak/tinulis...