Ing kalangane para pengarang/penggurit, sok keprungu ukara mengkene: ’’Pengarang (utawa) penggurit Si Anu kae kok saiki ora tau metu tulisane ya?’’ Kebacute rembug, njur ditambahi ukara pitakon, ’’Gek-gek wis ora ana?’’ Utawa, tembung kasare, ’’wis mati.’’ Sing diarani pengarang utawa penggurit kuwi, diarani ana ya amarga olehe ngarang utawa nggurit. Dene yen wis ora ngarang maneh, utawa wis ora nggurit maneh, pancene ya bisa diarani wis ora ana (karyane), utawa wis mati (kreativitase). Buku kembang setaman guritan lan crita cekak iki kababar...