Dening: Bonari Nabonenar
Tulisan ringkes iki mengko bakal ngandharake apa kang dumadi ing masyarakat (bebrayan), gegayutan karo obah-mosike basa lan Sastra Jawa (Modern). Banjur kajumbuhake karo bab kang prelu digrengsengake dening para pamengku-gati (stakeholder). Merga wujude kang ringkes, tur dudu laporan panaliten, mbokmanawa ya pating pethasil. Iki mung dhapur kumpulan usulan, dene klebu nalar apa orane ayo dionceki bebarengan.
[1]
Nyata agawe bombong apa kang ditindakake dening H. Karkono Kamajaya Partokusumo (Javanologi): nglatinake...