Saturday 29 December 2007

WITING TRESNA

entuk-entukane mung lena lamon aku lan sliramu
mung kegiwang kembang jalaran mung endah sagebyaran
mencok mawar nedheng mekar lan wangi mangambar
saka mlathi lan ceplok piring mekrok
entuk-entukane mung mendem wong kesengsem woh
rumangsa tekan witing tresna nalika gegodhongan
lumedhung kasilir angin
pang carang kumleyang
aku lan sliramu kontal saka impen
kesampar bedhug tengange

bolabali mangkono
embuh wiwit kapan biyene
aku lan sliramu kalenggak kombul
saka impen siji nyang impen seje
embuh nganti kapan mbesuke
bisa ngrambatake panjangka
ing witing tresna

sumputasri, 1997
JB

0 urun rembug: