Sunday 30 December 2007

BALA DHUPAK

saupama aku lan sliramu mung saderma nonton
entuk ora melu kentir ing lakon
mendahneya senenge bisa keplok bisa surak
bisa ngguyu lakak-lakak
saka walike kelir
alun-alun ngastina kesentrong sorote blencong
sri narendra narapraja tamtama lan kawula
atine padha kobong
saupama aku lan sliramu mung saderma nonton
entuk ora melu kentir ing lakon
--sangsaya ruwet sangsaya ora juntrung--
ampyak awur-awur

wus bejane awak, kang
dadi kawula bala kedhupak kepidak-pidak
sing kepenak ya sing dadi dhalang


1999

0 urun rembug: