’’Mas, jane ngono sampeyan ki temenan apa ora ta?’’
’’Lha, rumangsamu apa ethok-ethok?’’
Dheweke banjur ndhingkluk, sajak rumangsa salah dening pitakon kang mentas wae diucapake. Kuwi mesthi ora bakal kedadean lamun dheweke bener anggone nanggapi wangsulanku kang uga arupa pitakon kuwi.
Pesisir Karanggangsa dadi seksi. Nyekseni sakabehing tindak, sakabehing rembug kang gegayutan karo aku lan dheweke. Manuk kang padha ngoceh kanggo mahargya tekane esuk, semut kang isih padha umpetan sangisore suket, ombak dhampyak-dhampyak, lan srengenge kang katon sigrak, sajak kesengsem nyekseni sepasang nom-noman kang lagi kebanjut rasa asmara.
’’Tenan, Mas, aku ora nyujanani tulukang sedyamu. Aku ngerti yen sampeyan dudu golongane wong lanang kang seneng iseng. Ning ya kuwi, takjaluk sampeyan was isaa nduga apa kang saiki lagi takrasakake.’’
’’Mesthi Sri. Aku uga ngrasakake angete srengenge esuk iki, angete dhadhamu, angete dhadhaku dhewe, angete atimu, angete atiku dhewe, angete katresnane awake dhewe iki.’’
’’Dudu kuwi! Sampeyan kuwi lho; kok malah mbanyol. Kene omong tenanan kok ditumpangi deklamasi.’’
Kira-kira wae saking gemese, githokku digablog rosa nganti aku pringisan. Nalika dheweke katon rada limpe, arep takciwel pipine ora mentala. Eman aluse! Eh, tenane, ora wani. Ning, banjur kaya entuk kasekten ndadak, aku dadi wani. Wani ngesun barang, malah! Nyatane, nalika takambung, dheweke ora endha. Malah merem dhapet.
’’Mas, aku wedi.’’
’’Wedi apa?’’
’’Ora wedi apa-apa.’’
’’Lho!’’
’’Wedi kelangan sampeyan.’’
’’Ora usah wedi, Sri. Ora, ora yen aku nganti mentala ninggalake kowe. Ya mung kowe wong kang paling taktresnani. He, Sri! Aja kaya wong arep nangis ngono. Malah bingung aku mengko.’’
Dheweke prembik-prembik. Mripate katon wiwit kaca-kaca. Age-age kacu kang digegem kenceng takrebut alus-alusan banjur takgawe ngusapi luh kang wiwit nelesi pipine.
Nalika angete srengenge dadi panas, dheweke lagi wiwit bisa nata rasane.
’’Sri?’’
’’Hmmm.’’
’’Suk ora usah rene maneh wae ya?’’
’’Lha, piye?’’
’’Wong nyatane awakmu ora dadi seneng, ning malah tangisan ngono kok.’’
’’Kang marahi ya sapa!’’ Dheweke wiwit ngalem, lan tambah cengeng; mesthi wae!
’’Kang marahi sapa piye ta? Wong nangis karep-karepe dhewe ngono kok. Jane ngono awakmu mau tak kapakne ta?’’
’’Mentas wae dilakoni ngono kok wis lali!’’
’’Sri! Mentas ngapa aku mau?’’
’’Kang marahi aku nangis?’’
’’He eh.’’
’’Ning aja kandha-kandha lho Mas! Mundhak didukani bapak.’’
’’Ora.’’
’’Ya kuwi man Mas, kang marahi aku nangis.’’
Wis genah, wangsulan iku ndadekake bingungku. Wong mung diambung was kok njur nangis. Apa rumangsa keduwung, apa isin karo semut? Isin karo manuk? Isin karo watu-watu karang kae? Apa malah keranta-ranta marga senenge, aku ya ora ngerti! Yen ngono kuwi nangis marga seneng, harak malah repot yen suk klakon dadi bojoku! Apa dheweke kuwat nangis saben dina?
’’Ya wis Sri! Yen pancen dadi karepmu kang kaya mau kae ora bakal takambali maneh. Kamangka yen manut karepku, ngono kuwi mung nggambarake sepira gedhene katresnan marang awakmu.’’
’’Aku wis ngerti kuwi kabeh, Mas. Ya marga kuwi mula banjur tuwuh rasa wedi jroning atiku. Sepira bakal larane mengko yen wis teka titiwancine sampeyan ning galake aku.’’
’’Jane ngono awakmu kuwi percaya tenan apa ora ta, marang aku?’’
’’Yen ora percaya apa aku gelem sampeyan ajak rene barang?’’
’’Lha, iya!’’
Bakal bojoku iki pancen lancar tenan kok pikirane. Ora kliru anggonku ngetog karosan ngesok katresnan marang dheweke. Nate aku udur-uduran perkara cengeng lan ngaleme wong wadon karo dheweke. Aku ngandhakake yen ing ngalem lan cengenge dumunung keringkihane wanita. Dheweke ora trims. Manut dheweke, malah ing kono dumunung kekuwatane wanita. Lan ing bab iki aku kudu trima kalah, awit nadyan dikayangapa dheweke mesthi luwih ngerti sakabehane ngenani wanita, tinimbang aku. Aku kalah, nanging aku malah seneng dene kepinterane bakal bojoku ora ketutupan ayune. Nanging apa iya bener dheweke mengko dadi bojoku tenan? Ah, pitakon iki durung wayahe takpikirake; apa maneh ngelingi yen lair, jodho, lan tibaning pati kuwi wis digarisake nalika menungsane durung lair ing slam donya!
Aku mung bisa ndedonga, muga-muga ya Sri Windarti iki kang dening Gusti Kang Maha Kuwasa dicadhangake dadi bojoku. Saben-saben bubar ndonga ngono kuwi mesthi banjur thukul sawijining pitakon jroning batinku: Apa kang wis kebacut digarisake dening kodrat kuwi isih kena diwiradati?
Urip iki kebak pitakon. Saupama pitakon-pitakon kuwi awujud barang kasat mripat kang mbutuhake panggonan, mesthi wae menungsa ing alam donya iki enggal ludes kaendhih dening pitakon-pitakone dhewe.
Saya panas. Githokku digablog maneh nalika dheweke ngonangi aku lagi nglamun. Nalika arep dipindhoni, tangane tak tampani.
’’Kepanasen kaya ngene kok ya isih kober nglamun ki jane ngono kang sampeyan lamunke kuwi sapa ta, Mas?’’
’’Apa kono ra krasa?’’
’’Krasa panas, ning ra krasa yen dilamunke!’’
’’O, kepanasen ta!’’
’’Mas, ayo nyang ngisor uwit kae?’’
’’Yuk!’’
Ing ngisor uwit:
’’Mas?’’
’’Apa? Arep nangis maneh?’’
’’Ora. Tak takon ya?’’
’’Ndang. Takona!’’
’’Awake dhewe iki kok neng kene ta?’’
’’Kok kaya bocah cilik ta? Wong wis diniyati wiwit rong minggu kepungkur ngono kok.’’
’’Iya, ning kok njur aku terus karo sampeyan? Sampeyan kuwi apaku, lha rene iki mau perlune ya apa?’’
’’Sliramu kuwi sir-siranku, Dhiajeng, wong ayu!’’ Saking gemesku, irunge takpithet. ’’Rene iki mau jane ngono arep sir-siran. Ora arep padu!’’
’’Sir-siran kuwi apa ta?’’
’’Embuh Sri! Kok kaya bocah cilik wae. Lha, yen manut karepmu ya apa, sir-siran kuwi!’’
’’Ya embuh mas. Yen ngerti apa ya aku takon. Aku ora bisa nerangake Mas. Nanging aku bisa ngrasakake. Bisa ngrasakake yen pisah karo sampeyan kuwi atiku njur dadi sedhih, njur kangen. Kamangka aku ngerti yen sampeyan kuwi wong liyan ndrayan; dudu sanakku, ya dudu kadangku. Uga ora bisa takterangake apa sebabe aku manut wae sampeyan ajak dolan rene. Kamangka upamane, iki mung upama lho Mas ya, upama aku sampeyan rudapeksa neng kene, nadyan sampeyan pateni pisan, ora ana kang bakal bisa nulungi, ngelingi kene iki papan sepi kaya ngene.’’
’’Ya kuwi kang diarani tresna! Ora perlu diterangake maneh. Awake dhewe tekan kene iki ya amarga tresna kuwi!’’
Aku lan dheweke banjur padha ngguyu bebarengan. Cekikikan kaya manuk kang lagi gegojegan ing sandhuwure uwit, pang-pang, lan gegodhongan. Taksawang dheweke wis lega. Sajak wis ora ana maneh pitakon-pitakon kang temangsang ing njero atine. Nanging tibake pitakon-pitakon kang kebacut lunga kuwi malah nggodha aku. Jroning wektu sedhela wae thukul pitakon-pitakon anyar; nindhihi pitakon-pitakon sadurunge. Apa sejatine tresna kuwi? Apa ana katresnan kang seje rasane karo kang lagi tak rasakake iki, lamun tresna kuwi pancen mung kena dirasakake lan angel diterangake? Apa aku Ian dheweke bakal kuwat ngangkat katresnan iki menyang sandhuwure bangunan balewisma? Apa sangune wong bebrayan kuwi? Apa ta satemene bebrayan kuwi? Apa kabeh kuwi padha karo tresna, angel diterangake?
Aja maneh mangsuli pitakon bolah ruwet kaya ngono kuwi; sejatine pitakon: Apa aku iki wis nresnani Sri Windarti kanthi sejatine tresna, apa tresnaku iki mung karana rasa sepi; sepine ati lanangku, iku wae durung nate bisa takwangsuli!
Anggonku umpetan ing ngisor uwit karo Sri Windarti nyatane banjur konangan srengenge. Panase ora keconggah ngobong pitakon-pitakon kang tansah nggodha aku; ora keconggah ngalumake godhonggodhong lan kembang-kembange katresnanku marang Sri Windarti. []
Sumber: JB
0 urun rembug:
Post a Comment