Saturday 29 December 2007

PANGGUL (1)

ing kene sawatara kandheg jangkahku
durung tengange
dakesok kangenku marang sapa wae
kang marang dheweke kangenku bisa dakesokake

panggul pasare saya rame
saya biru segarane
ngombak saya gedhe
kangenku saya kangen
ngrajut gantilaning ati
lungkrah mara
ing kene sawatara kandheg jangkahku

durung tengange
pasar panggul rameramene
kangenku jumlegur
biru segarane
ing ngarepku
langit mancep
ing kana srengenge bakal mingslep
ya srengengeku
mekarake kangen
ngombak ati

24 juli 1988

0 urun rembug: