Saturday 29 December 2007

MENCIT

marang: ning


alhamdulillah
wus dadi tatu
wus dadi tatu saranduku
daging kulit balung sungsum
lair lan batinku
wus dadi tatu
mili nelesi guritku
gurit kang dakgaritake
ing ati ing rasa-pangrasamu

alhamdulillah
saiki aja takon sepira bobote sangganku
jalaran aku iki ya sanggan
abot kang bakal daktibakake ing pundhak
ing pangkon lan ing gendhonganmu

alhamdulillah
aku wis ora duwe wedi maneh
saiki ya saiki
saiki aku wis dadi memedi
kang tansah ngoyak sliramu
rina wengi
rewangana nibatangi
rewangana patigeni
yen arep dadi tatu
ya dadia tatu
sarandumu


september, 1993
jAWa ANYAR, 4 okt 93

0 urun rembug: