Sunday 30 December 2007

AJI TRESNA

sun mateg aji
ajiku aji tresna
bobote pitung gunung

ibu bumi bapa angkasa
lilanana putramu ngebur samodra
ngupadi jatining tirta

ing angkasa
bocah bajang nggiring angin
pecute sada lanang
saka dayane tresna
kejeme ngungkuli angkara

ing samodra
tumumpang jumlegure ombak swaraku
ngundang paraning sedyaku

aku
gulungkoming
saka dayaning aji tresnaku []


januari, 1995
spm, 12 maret 95

0 urun rembug: