Saturday 29 December 2007

KABAR SAKA KEBON MBURI

ana kabar saka kebon mburi
carang garing sengkleh
kasempyok angin nggendring
ora ana manuk ngoceh
mamring
ngelus suket garing
ing kebon mburi
si trondhol nangisi wulune
embuh sapa sing mbubuti


1992

0 urun rembug: