Saturday 29 December 2007

LANGIT (1)

langit pating saluwir
srengenge lintang lan rembulan
saya kawir kawir
baya menyang endi paran
parane angin sumilir
baya remuk baya ajur tumpuk tumpuk perih
ing ati ketir ketir

langit wis bedhah ngoblah-oblah
sapa kandha suwek nyangkem kodhok
lintang ceblok
rembulan dadi rebutan
wong wong pating brengok
padha kepengin nyaplok
wong wong []

0 urun rembug: