Saturday 29 December 2007

TRENGGALEK (2)

(1)

wingi esuk nalika srengenge anguk-anguk
aku lan sliramu kentir sajroning crita
nggalek, nyasak tegal lan sawah
menyang kali anjog tekan samodra
sumriwing rasane kuping kanggo nglaras
swara dumeling
swarane ketiga aking
pang sengkleh padha garing
paman tani paman juru misaya mina
padha ngliga dhadha
nantang dinadina saya mbandhang
saya kentir
aku lan sliramu
saya kentir


(2)

paman dhoblang saya krasan aneng sabrang
aja diareparep mulih baline
nggalek
aku lan sliramu iki
pang sengkleh padha garing
sega gaplek sega aking



1992
JB

0 urun rembug: