Saturday 29 December 2007

MALATRESNA

mlaku-mlaku neng njarak
sambi ngetung tunggak mrajak
ngawe-awe
saya trenyuhe atiku takselehke
ing kampung kremil
wongwong ting penthalit
ting pethakil

sing didol eceran kuwi tresna
sing dibakar dipupuri mertega manca

tanjung perak kapale kobong mas
aja mentas-mentas yen durung kekuras
isine kanthong

rembulan moblong
keblegong wengi growong
ana balon njebrot
swarane nggegirisi


surakarta, 1993
spm, 14 nov 93

0 urun rembug: