Saturday 29 December 2007

ANA KEMBANG MEKAR ING TATU

ana kembang mekar ing tatu
kebandhang angin sumilir mangambar
arum rumesep sepining ati tatu tatu
arang kranjang tibane wong mlaku wengi
luraluru nemu padhang anelahi
dudu wulan dudu lintang
dudu obor geni dudu
apa apa dudu

ana kembang mekar ing tatu
tibane sang bremani
luraluru tiba nemu sari
sarining cintraki
dudu kecut dudu legi pahit dudu

ana kembang mekar ing tatu
kagarit guritan dadi
tangis dudu dadi tembang dudu
swara swara dudu

ana kembang mekar ing tatu
kebandhang angin sumilir mangambar
arum agawe wuru gemrenggeng tembang
larane bremani
dudu laraku
dudu laramu
dudu dudu
dudu

ana kembang mekar ing tatu
yaiku kembangku lan kembangmu



1992

0 urun rembug: