Saturday 29 December 2007

GURIT KASMARAN

sajroning gurit iki mili
getihku kang anget kedayan tresnane jaka semengit
kang mbaludag saka jejantung ketaman wuyung
ing lakon sembadra larung
aku burisrawa njajagi dawane lurung
ing lakon rama bendung
aku dasamuka kelangan siyung
yen gurit iki uwit
aku dadi walangkadung

11 april 1990

0 urun rembug: