Saturday 29 December 2007

LELAGON LUNGKRAH

ya ben putih methit
pupus klapa
langit gembring
grimis ing njaba
rungokna wiramane kaya angrerintih
aku neng kene
neng njero kamar
ora seneng ora sedhih
rupa maneka swara maneka
wirama sakalir
saya cedhak saya lamat lamat
angin wengi wae ya wis pegat lan atise
ben
ya ben tatu saya amba
saya njejiwit perih
kareben jiwaku saya tinarbuka


1992

0 urun rembug: