Saturday 29 December 2007

NALIKA ANGIN ANGGANDA WISA

angin angganda wisa
wengi rembulan krowak digragot buta
wong wong rai drubiksa
dadi badhut topeng kencana
neng delanggung jejogedan tanpa tata

nalika angin angganda wisa
nggiring lakon urip kaningaya
man dhoblang kesikang temah palastra
anake
o
anake
uripe saya kaningaya


september 1995

0 urun rembug: