Saturday 29 December 2007

KETLIKUNG

ketlikung ing pabrik gung
aku lan sliramu ora usah bingung
jalaran kabeh wis dadi pabrik gung
aja rumangsa nistha
urip dadi gedibale mesin
dadi rongsokan bisa dadi luwih mulya
jalaran pabrik gung kanthi mesin adidaya
nggeret jaman nggawa tatanan anyar
kanthi tatakrama sing mbokmanawa kelalen
ora diwejangake dening para sepuh biyen

september, 1995

0 urun rembug: