Saturday 29 December 2007

TRENGGALEK (1)

(1)

tawang tawang tangise bocah bajang
sukerta sing kendhang saka bumi klairane
melung melung ngundang bapa lan biyunge


(2)

raden subrata saya terang penggalihe
saya pana marang ragane
ing panaraga mbanting ati ndudut tresnane
prawan suminten peparikan tembangtangise
sapa kandha sega gaplek enak rasane
sapa crita kembang cengkeh arum gandane


1992
JB

0 urun rembug: