Sunday 30 December 2007

BOCAH BAJANG

dumadakan bocah bajang siji iki
dadi lakon dadi wigati
kang lirpamane wayang
kendhang saka pakeliran
jalaran keplicuk tembung pangandikane ki dhalang
mung kari critane perang brubuh ngalengkadiraja
mung kari critane babatan pacing kurukasetra
mung kari critane gagahe sang bimasena
mung saiki
dumadakan bocah bajang siji iki
dadi lakon dadi wigati
kalenggak lenggak kabalabak
ing samodra


1992

0 urun rembug: