Saturday 29 December 2007

KATALI SUTRA JINGGA

tresna iku wus katali sutra jingga
kembangkembang padha mekar
ing taman arum mangambar
ngebaki esuk seger
karo sliramu aku pengin rembugan
nimas
apa awake bisa kepethuk
sadurunge sarapan sadurunge adus
sadurunge sikatan

tresna iku wus katali sutra jingga
ing poncot taman ing poncot kutha
ngrembuyung ijo seger
kasetyan dadi gilig dadi atos
kembangkembang padha mekar
kapethik kasawur ing latar
nimas
tresna iku wus katali sutra jingga
sliramu isih pengin takon apa


1992

0 urun rembug: