Saturday 29 December 2007

KEMBANG ALUM ING TAMAN

angin garing rontang ranting
kupu kombang kegiwang kapracondhang
panase mecuti srengenge manggang
kembang alum ing taman
apa iku pasemon
apa iku pepindhan
abot sangganing katresnan

kembang alum ing taman
saya mangambar arum dhuhkitane
saya endah kumel kuceme
ing wengi mamring
amarikelu angluh angeloni
tintrim
saya alum
saya mekar
saya mangambar
ambar!
kembang alum ing taman

1991

0 urun rembug: