Sunday 30 December 2007

Digoleki: Pejabat kang Melek Budaya



Festival Sastra Buruh 2007 ing Blitar [30 April – 1 Mei]

Suwene sedina sawengi [jam pitu bengi tanggal 30 April nganti watara jam loro awan tanggal 1 Mei 2007] kelakon digelar Festival Sastra Buruh [FSB] 2007 ing pabrik rotine Bu Endang Bagus Putu Parto, Desa Ngade, Kecamatan Kanigoro, Kabupaten Blitar. Desa Ngade kang padatane sepi, bengi kuwi dadi rame ngalah-ngalahake yen ana pasar malam. Dening panitia, acara FSB bengi kuwi pancen dirancang kayadene acara Pasar Rakyat sing populer ing saweneh stasiun televisi sawatara wektu kepungkur: ana pangung dangdut, ana pentas teater, lan ana papan mligi kanggo acara seremonial.

Sambi ngenteni tekane Bupati Blitar Drs Heri Nugroho kang bakal mbukak acara FSB 2007, penyair saka Mojokerto, Saiful Bakri sarombongane nyuguhake musikalisasi puisi [maca guritan kang wis diolah kanthi iringan musik]. Banjur ganti Blank-Blenk Percussion pimpinane Djayeng nyuguhake musik khas Blitar sing sawatara dina sadurunge njebol MURI [Museum Rekor Indonesia] ing rerangken acara pengetan dina klairane Kabupaten Blitar kanthi nggelar parade rampak [sewu] kendhang.
Bupati wis rawuh kinanthenan ingkang garwa, lumebu arena FSB bebarengan karo Kepala Disnaker Provinsi Jawa Timur Moh. Bahrudin. Sajroning pidhato sadurunge mbukak acara, Bupati ngendika manawa buruh, mligine TKI, gedhe sumbangane tumrap kemajuan ekonomi ing daerahe. Kabupaten Blitar, miturut Bupati, saben taune nampa remiten saka TKI udakara 100 – 150 milyar rupiah. Mula, ing kalodhangan iku Bupati nelakake panuwune marang Bagus Putu Parto sing wus bisa gawe acara kang uga dadi ajang sapatemon antarane buruh lan seniman.
Kajaba ditekani para TKI lan mantan TKI kang wus mbabar bukune: Maria Bo Niok [Wonosobo], Eni Kusuma [Banyuwangi], FSB 2007 uga ditekani wong wadon pitu saka Hong Kong, saperangan merga pas libur, saperangan maneh merga ditundhung majikane [diinterminit]. Wadon pitu iku nyumbang acara Teatrikalisasi Puisi Death of Migrant Rihgt karyane Mega Vristian. Para TKI lan mantan TKI liyane kang ora bisa teka, padha ngirimake karya-karyane marang Panitia, ana kang wujud opini, crita cekak, guritan, lan kliping laporan [berita] kang kamot ing media cetak [luwih cethane maosa: Buruh kang Padha Seneng Nulis].

Silaturahmi Budaya
Kang uga ngedap-edapi, sastrawan buruh saka Kudus Jumari HS sejene ngajak penyair Asa Jatmiko uga nggawa bis loro lan mobil siji kanggo ngemot rombongan teater, nggelar lakon Acehku Aceh, Aceh di Mana-mana [satemene iki ya wujud teatrikalisasi puisi] karyane Thomas Budi Santosa saweneh direktur ing PT Djarum Kudus. Ora baen-baen tanen, rombongane Jumari ana wong sewidak, kang saben dinane padha makarya kadidene buruh ing PT Djarum.
Dadi ora luput manawa FSB 2007 uga diarani kadidene ajang silaturahmi budaya antarane buruh kang makarya ing negarane dhewe lan kang padha makarya ing negara manca.
Sawise bengine rame pagelaran sastra/seni [klebu seni musik dangdut kang dipandhegani dening seniman polisi kang saben dinane makarya ing Polsek Garum [Blitar], esuke, tanggal 1 Mei kang uga populer kanthi sebutan May Day utawa Hari Buruh Sedunia, acarane genti sarasehan. Sastrawan buruh kang dadi narasumber yaiku Eni Kusuma lan Maria Bo Niok. Sastrawan Beni Setia, Kepala Subdinas Kebudayaan Dinas P dan K Prov Jatim kang diwakili Dharmono Saputro uga dadi pamedhar sabda. Uga Kuswinarto lan Bonari Nabonenar kang dhek taun 2005 diundang Sangar Café de Kossta menyang Hong Kong saperlu mbombong para TKI kang padha seneng ulah-sastra.
Luwih gayeng maneh, ing anatarane para seniman, sastrawan, aktivis perburuhan, pejabat, lan para siswa, uga melu nggrengsengake sarasehan Dekan Fakultas Bahasa dan Seni Unesa Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan, Dosen Program Studi Sastra Indonesia Universitas Muhammadiyah Malang Dr. Ekarini, lan sastrawan kang uga pegawe Balai Bahasa Surabaya Aming Aminoedhin lan Farid Tuasikal. Kapala Balai Bahasa Surabaya, Drs. Amir Mahmud, M.Hum, mung bisa rawuh dhek bengine, ora bisa njunggoni nganti glundhung kendhang.

Sabanjure
Sarampunge gawe FSB 2007, miturut Ida, Panitia isih bakal repot ngurusi data/dokumentasi kanggo mangun Pusat Dokumentasi Sastra Buruh. Kajaba iku, dokumentasi FSB 2007 uga bakal dilampirake ing proposal FSB 2008 kang bakal enggal digawe.
’’Watara wulan Agustus utawa September iki, Panitia mbudidaya amrih wis bisa nglebokake proposal FSB marang Pemerintah [Depnakertrans]. Muga-muga festival iki mengko bisa dadi agenda nasional, sukur-sukur internasional. Kajaba saka kuwi, proposal uga bakal kakirimake marang Pemerintah Daerah, Provinsi, Kabupaten/Kota. Panitia ora mata dhuwiten, nanging, rak ya lucu ta, yen Pemerentah setempat ora awaeh dana bantuan sithik-sithika kanggo kegiyatan kang diarani becik iki?’’ mangkono kandhane Ida.
Yen pajabate melek budaya, kudune ora ngenteni dijaluki, nanging malah nawakake bantuan, kaya saweneh calon sponsor kang keraya-raya nglacak alamate panitia sawise maca saweneh artikel ing media cetak, amrih bisa nyeponsori FSB candhake. []

Sumber: JB

0 urun rembug: