Saturday 29 December 2007

DHUHKITAKU

dhuhkitaku ginurit ing kembang mlathi
ing wengi grimis
mekar dadi tatu
tumemplek ing tembok tembok
impen
dhuhkitaku dadi tembang ngalikalik
kentir ing angin giniring
saka walike cakrawala
dhuhkitaku dadi rupane candhikala
nglunturi subuh
kebak panjangka


desember 1994

0 urun rembug: