Saturday 29 December 2007

SUMBERBENING

mung cenggeretnong padha tembang lan tangise
sumberbening mungkur kencanarukmine
netesi ujaring pujangga
nyakramanggilingan urip iki kelakone
ora ana kembang mekar selawase

pang sengkleh padha garing
kesempal ketiga aking
adhem mung marakake nelangsa
ujare kakang kang wis suwek sarung goyore
--yaiku sarung temantenane karo mbakyu
sing seprene wis telung taun lunga dadi te-ka-we


juli, 1994

cathetan: sumberbening iku sawijining desa
ing kecamatan dongko, kabupaten trenggalek, jawa timur
sing nate kondhang merga cengkehe

0 urun rembug: