Saturday 29 December 2007

NALIKA WONGWONG PADHA MNDEM

wong-wong padha mendem
kakehan impen
dumadakan langit kang ngayomi kuthaku dadi dhedhet
lelimengan
mangka iki dudu rendheng kecimpleng mangsane udan
iki ketiga aking paceklik cingcing goling
wong buruh wong tani sambate njempling-njempling
wong pangkat wong pejabat padha mrecing

langit kang ngayomi kuthaku dadi dhedhet lelimengan
wong-wong sing maune mengkeret dadi bilulungan
padha lali undhake rega beras lan sayuran

nalika wong-wong padha mendem
embuh ing endi mapane srengenge lan rembulan
langit kang ngayomi kuthaku dadi dhedhet lelimengan
bocah cilik padha njintel padha umpetan

jumlegur ing langit kang ngayomi kuthaku
dudu gludhug dudu bledheg
dudu nuklir njeblug kanggo dolanan
jumlegur ing langit kang ngayomi kuthaku
balon sayuta njebrot bebarengan

surabaya, 1996JB 14 des 97

0 urun rembug: