Sunday 31 August 2008

Singkar, Basane Jawa Tenan


Acara kepyakan buku novel basa Jawa anggitane Siti Aminah, Singkar, ing Kampung Seni Lerep, Ungaran, Jawa Tengah (28 Agustus 2008) dadi udan pangalembana. Sing kudanan, sapa maneh yen dudu si pengarange, Siti Aminah. Penyair ’’Sihir Cinta’’ Timur Sinar Suprabana sing kedhapuk medharake ular-ular ngenani Singkar kuwi ngandhakake manawa basa Jawa kang digunakake ing novel kang uga diarani filmis iki dudu basa Jawa kang mung dhapur jarwan saka (pikiran) basa Indonesia, nanging krasa tenan yen mrenthul saka pikiran abasa Jawa. []

0 urun rembug: